Skip to main content

Posts

Showing posts from May, 2013

#DulgiyubTheSeries Kelincine Mati

Sakwijining dino Dulgiyub mulih omah lan weruh kucinge ngeret-eret kelincine Bardugab. Kelincine wis mati.  Dulgiyub ora kepenak karo Bardugab. Soale wis kekancan suwe. Kelincine banjur dijupuk, diadusi nganggo sabun ben resik, banjur didelehne nang kandang kelincine Bardugab. Ben dikiro kelincine mati alamiah. Ora amargo dieret-eret karo kucinge Dulgiyub. Pirang dino sakwise Bardugab : Kowe ngerti ora nek kelinciku mati Dulgiyub : (gendhadhapan) ora ik, Bar Bardugab : Kelinciku mati pirang dino kepungkur. Wis ta kubur. Nanging ana kedadean aneh. Dulgiyub : (mak jegagig) weh opo kuwi? Bardugab : Bakda ta kubur, ana sing njupuk kelinciku sing mati kuwi seko kuburane. Banjur diadusi, banjur didelehne maneh nang kandang. Aneh tenan iki, Dul! Sing njupuk lan ngedusi sajake wong edan. )#@$*^)*@$)^*@^@%)*^

#DulgiyubTheSeries Numpak Bis

Dulgiyub lan Bardugab numpak bis bareng. Dulgiyub : Aku ki ora seneng nek ndelok wong wedhok ngadek pas numpak bis. Bardubab : Aku yo iyo ik Dulgiyub : Biasane aku ngadek, wenehne kursiku nggo wong wedhok sing ngadek kuwi Bardubab : Oooo nek aku gayane turu opo pura2 ora weruh (*&(^)^&&*)^*)&^*)%)*%*)&%*)&

#DulgiyubTheSeries Geser Sithik Mbak

Dulgiyub numpak Kobutri (angkot di Jogja). Oleh lungguh tapi mepet banget. Mbak-mbak sing nang jero Kobutri ora gelem geser. Dulgiyub : Mbak, geser sithik yo mbak. Mbake : Sorry mas, aku arep mudhun. Dulgiyub : Lha mbok pikir, aku numpak Kobutri ki arep nginep po? *(*(^&_(^(_*%^*(_%*(*$)^*$&*)

#DulgiyubTheSeries Contek-Contekan

Dulgiyub lan Bardugab kuwi sak kelas pas jaman SMP. Wektu ulangan Sejarah, wong loro kuwi contek-contekan. Banjur diundang guru, ngadep nang Guru BP. Guru : Kowe do contek-contekan yo? Dulgiyub : Boten kok bu Bardugab : Saestu, boten Guru : Lha iki, pitakonan kaping siji, sopo presiden Indonesia sing nomer siji. Kowe, Dul, jawabpe Soekarno. Bardugab yo hooh. Dulgiyub : Lha niku kan sedaya tiyang nggih ngertos tho bu Bardugab : Leres bu. Guru : Pitakon nomer loro, ibu kota Malaysia. Kowe, Bar, jawabanmu Kuala Lumpur. Kowe yo hooh, Dul. Bardugab : Kula sampun sinau bu. Dados kula ngertos jawabanipun Dulgiyub : Kula nggih sinau lho Guru : Pitakon ketelu, sopo komandan pembebasan Papua. Kowe, Dul, mbok tulis "aku ora ngerti". Lha kowe, Bar, kowe nulis "aku yo ora ngerti". Berarti kowe ki do contek-contekan! (*&)*(^*(^*(_^&*(_&*(_&_

#DulgiyubTheSeries Sinau Boso Enggris

Dulgiyub lan Bardugab sinau boso enggris, ben iso spiking-spiking. 1. Yes mother dont do that: Yo mbok ojo ngono.. 2. Your head: ndasmu 3. Your eyes: matamu 4. Your bald head: gundulmu 5. Your knees falling down: dengkulmu anjlog 6. Your bellybutton on fire: wudelmu kobong 7. Your auntie's money: duwite mbokdemu tah 8. Your grandfather money: duwite mnahmu 9. Your auntie teach you about that ? : mbokdemu sing ngajari yoo?? 10.Your mother goalkeeper: makmu kiper 11.Like that yes like that but don't be like that : ngono yo ngono ning ojo ngono 12. My body is not delicious today = awakku lagi gak enak. 13.Your face far away : raimu adoh 14.Your lips: lambemu 15. Your bellybutton turn up : wudelmu bodong 16. Your head smell gum benzoin : ndasmu mambu menyan 17. Cricket! : jangkrik/diancuk 18. Your head was blown = ndasmu njeblug 19. Your eyes blind = matamu picak 20. Wanna eat your head : tak kletak ndasmu P*(^&*(^*(_%^*(_^_*(%^(_&*%&*%&*(_%_

#DulgiyubTheSeries Soto Ayam

Bardugab wis bosen dodolan apem lan dodolan es cendol. Saiki buka warung Soto Ayam. Dulgiyub : Dodol opo saiki, Bar? Bardugab : Soto Ayam, Dul Dulgiyub : Yo wis, pesen siji Bardugab banjur gawe sotone. Bardugab : Iki (karo nyodorke mangkok soto) Dulgiyub : Lho, kok ora ana pithike? Jare soto ayam (pithik) Bardugab : Yo gpp tho, lha wong Jambu Monyet to ora ana Monyete kok Dulgiyub : Gundhulmu menthelis, Bar! !#$)*%^)@#*(%^)@*%)^*@)%*^@)*

#DulgiyubTheSeries Dioyak Perusahaan Gede

Dulgiyub lan Bardugab kuwi kanca kawit cilik, nanging saiki Dulgiyub dadi bose Bardugab. Sakwijining dino, Bardugab pingin mundhak gajine. Bardugab : Dul, aku njaluk mundhak gaji Dulgiyub : Lha ngopo? Bardugab : Soale iki wis ana perusahaan gede sing ngoyak-oyak aku Dulgiyub : Wah ampuh, sopo wae Bardugab : Kuwi Bank Mega, BTN, CIMB, BII, PLN, TELKOM, PDAM Dulgiyub : Woooo kuwi ngoyak tagihanmu, Bar! !)#*$%)!*$^)@*^)*@)%^*@)%^*(

#DulgiyubTheSeries Iki Malem Jumuah

Iki malem jumuah. Sing wis bebojoan mesti do ngerti. Wayahe “tekdung”. Semono ugo Dulgiyub lan Konyil. Mula Dulgiyub glenak-glenik nyedaki Konyil. Dulgiyub : Dik Konyil, iki malem jumuah lho. Wayahe “tekdung”. Jare pak ustad, nek “tekdung” malem jumuah ki podo wae mateni setan cacahe 40 Konyil : Nek ping 2 piye mas? (Konyil njawabpe karo genit-genit kepiye) Dulgiyub : Nek pindo berarti 40 ping 2, 80 setan, Dik Konyil : Nek ping 3? Dulgiyub : Nek ping 3, 40 ping 3, 120 setan, Dik Konyil : Nek ping 4, mas? Dulgiyub : 4 ping 40 podo wae mateni 160 setan, Dik. Konyil : Nek ping limo? Dulgiyub : Nek ping limo kuwi mateni aku, Dik )(&*(_^*(^&*)%)*&%&*)^*(_^

#DulgiyubTheSeries Jagal Kota

Pulisi-pulisi Ngayogyakarta lagi sweeping preman-preman. Ndilalahe Dulgiyub yo dicekel karo pulisine. Amarga duwe tato. Lengen sisih tengen tulisane JAGAL. Lengen sisih kiwo KOTA. Pulisi : Mrene kowe, kowe preman paling medeni. Ngaku-ngaku JAGAL KOTA. Dulgiyub : Boten pak, kula namun tiyang biasa kok. Pulisi : Ora percoyo. Kuwi tatomu. Wis mateni pirang uwong kowe? Dulgiyub : Dereng nate pak, saestu, kula tiyang sae Pulisi : Buka klambine! Dulgiyub banjur buka klambine. Banjur kethok tatone kabeh. JAGALAH KEBERSIHAN KOTA. *(*(&*(_&%&*)%*(_^*&%*_^

#DulgiyubTheSeries Mripat Tengen

Bardugab ujug-ujug marani omahe Dulgiyub. Mripate abang koyo bar diantemi. Dulgiyub kaget banjur takon ana apa. Bardugab : Dadi ngene Dul, aku lagi antri. Nang ngarepku ana wong wedhok dhuwur. Ta delok, rok sing dinggo kok keslempit nang sonyol. Lha banjur ta tarik ben ketok rapi. Eeee lha kok mbake kuwi mballik, njuk nganthil mripat sisih kiwo. Dulgiyub : Lha mripat sing tengen? Bardugab : Aku pikir mbake ora seneng yen rok-e ditarik, mulane aku lebokne maneh rok-e nang slempitan sonyol. )*#$*@($%*@)$*#^)@*%^)@*%^ *sonyol kuwi boso walikan khas Jogja*

#DulgiyubTheSeries Kopi Susu

Dulgiyub lan Bardugab kuwi sak kost-kostan. Biasane Bardugab gawe kopi susu saben esuk. Dulgiyub ndilalah pingin nyruput. Dulgiyub : Aku njaluk sak sruputan yo Bardugab : Yoh kono, Ning wis ta idoni je. Dulgiyub : Woh, ra sido nek ngono Bardugab : Kopi ne tulung tunggokne wae. Ojo nganti ana sing ngombe. Aku ta adus sik. Dulgiyub : Yoh Bardugab mlebu kamar mandi banjur adus. Iseng-iseng Dulgiyub yo nglepeh idu nang kopi susu. Nyumbang sithik. Bardugab : (rampung adus) Dul, kopiku wis adem? Dulgiyub : Uwis Bardugab : Nek ngono ta ombene kene Dulgiyub : Yoh kono, mau yo wis ta sumbang idu sethithik BArdugab : Woooo asem ki, pek'en wae )!*#$^(@&*#()%^@*)$^)@*(

#DulgiyubTheSeries Ndelok Lukisan

Dulgiyub ngejak Bardugab ndelok pameran lukisan nang Gedung Societet Militer - Taman Budaya Yogyakarta. Bardugab gumun weruh lukisan apik-apik Bardugab : Woh gambar iwake apik tenan Dulgiyub : Walah Bar, kuwi ki gambar boyo. Bardugab : Lha iki gambar gajahe yo apik banget Dulgiyub : Ssst kowe ki banter ning kleru, kuwi gambar banteng Bardugab : Wah lha iki pancen apik tenan. Gambare munyuke koyo gambar tenanan. Dulgiyub : Duh biyuuuung... Kuwi pengilon, Bar!!! *(&*(&*(_#&*(@&#$(*&@$*(&(_#@* &_#@*(&

#DulgiyubTheSeries Pokokmen Nyilih

Dulgiyub dolan nang omahe Bardugab. Arep nyilih gunting rumput nggo reresik taman ngarep omahe Dulgiyub. Dulgiyub : Bar, nyilih gunting rumputmu Bardugab : Wah ra iso Dul, aku arep nganggo sore iki Dulgiyub : Sore ini? Berarti ora futsal tho? Yo wis, aku nyilih sepatu futsalmu wae. *(&*)&%#_(&#@*(^&*@$^_

#DulgiyubTheSeries Tuku Es Cendol

Bardugab dodol es cendol amarga dodolan apeme wis ra payu. Dulgiyub pingin tuku. Dulgiyub : Es cendole sak gelas piro, Bar? Bardugab : Nggo kowe, sewu limangatus wae. Dulgiyub : Mung pingin ngicipi. Nek setetes piro? Bardugab : Nek mung setetes, gratis wae Dul. Kok koyo sopo wae lho. Dulgiyub : Wah nuwun Bar. Aku njaluk setetes-setetes wae nganti sakgelas ()**(&*()^*(^&*)T^)*&I^

#DulgiyubTheSeries Dulgiyub Oleh Telpun Seko Wong Wedhok

Dulgiyub kuwi jaman enome pancen playboy kelas kakap. Nanging saiki wis insyaf. Lha sore mau Dulgiyub oleh telpun seko wong wedhok. Wong Wedhok : Hallo, saged ngomong kali Pak Dulgiyub? Dulgiyub : Inggih, kula niki Wong Wedhok :  Saged ngomong serius 4 mata kalih Pak Dul Dulgiyub : Njenengan sinten? Wong Wedhok :  Lha mesti tho. Pak Dul niki bapake anak2 kula. Dulgiyub kaget njenggirat. Dulgiyub : Kowe Elvi? Wong Wedhok : Dudu Dulgiyub : Dina? Wong Wedhok : Dudu Dulgiyub : Lenny lampung? Wong Wedhok : Dudu Dulgiyub : Jenny? Wong Wedhok : Dudu Dulgiyub : Tety Sukabumi? Wong Wedhok : Dudu Dulgiyub : Maya Surabaya? Wong Wedhok : Dudu Dulgiyub : Rani Bandung? Wong Wedhok : Sanes pak. Kula wali kelas anake sampeyan! )@(*#$^@%(^&@)$*^()@*$^)!@&$()

#DulgiyubTheSeries Buku Harian Konyil lan Dulgiyub

Buku Harian Konyil : Malem minggu – Mas Dul lagi aneh. Sore mau janjian nang Cafe. Aku bar shopping karo kanca2, dadine aku telat. Mas Dul ketoke nggonduk. Omongane ora nyambung, trus ta ajak nang pojokan sing rada sepi, tapi Mas Dul tetep meneng wae. Aku takon, “aku salah opo?”, tapi Mas Dul jawab, “ora salah”. Banjur mulih bareng. Nang mobil, mas Dul yo mung meneng wae. Aku ngomong, “I love you!”. Nanging Mas Dul mung mesem sithik. Biasane jawab, “I love you too, Nyil!”. Opo mungkin Mas Dul wis ora sayang karo aku? Tekan omah, Mas Dul langsung lungguh lan nonton TV.  Ora gelem ngomong. Aku ngenteni rong jam, akhire Mas Dul mlebu kamar. Aku takon, “Ana opo tho, Mas?”. Mas Dul malah mlengos langsung kemulan turu. Aku nangis. Rasane donya arep kiamat! Buku Harian Dulgiyub : Jindul ki, MU kalah maneh!

#DulgiyubTheSeries Jum'at Misterius

Ana kedadean aneh nang rumah sakit. Saben dino Jum'at esuk antarane jam 7 tekan jam 8, mesti kabeh pasien sing nang ICU (Intensive Care Unit) podo mati kabeh. Akhire manajemen rumah sakit lan para dokter rapat. Sepakat ngundang dukun sekti sing kerep nyekel jin lan iblis amarga kedadean iki kok kayane supranatural. Mosok wong mesti mati ben dino Jum'at esuk nang ICU. Banjur dukun kuwi teko jam 6. 30. Mlebu kamar ICU lan mbakar menyan. Suasanane rada mencekam. Wedhi ana pasien sing mati maneh nang ICU. Jam 6.55, para dokter lan manajemen sansoyo deg-degan. Ojo-ojo dhemite metu lan nesu soale arep diusir karo dukune. Jam 7 luwih 3 menit, lawang ICU dibuka. Dulgiyub, cleaning service rumah sakit, mlebu ICU. Nyabut steker alat bantu pernafasan, diganti karo steker penyedot debu. ()&&%^**(_&*(_&

#DulgiyubTheSeries Sudo Rungon

Dulgiyub dolan nang kancane sing dokter THT. Nakonke kok bojone, si Konyil, wis sudo rungon (ra patio krungu). Dokter THT : Wis parah po bojomu? Dulgiyub : Lha kuwi, aku dewe yo ora ngerti. Aku kudu mbengok nek ngomong karo bojoku. Dokter THT : Jajal, kowe ngadek 6 meter seko bojomu, njuk ngomong. Nek isih ora krungu, nyedako. Sampe pirang meter iso krungu. Banjur Dulgiyub mulih lan ketemu Konyi l, bojone. Dulgiyub : Nduk, mangan opo mengko bengi? --- Ra ana jawaban ---- Dulgiyub maju maneh, jarak 3 meter seko bojone. Dulgiyub : Nduk, mangan opo mengko bengi? --- Ra ana jawaban ---- Akhire Dulgiyub nang sebelahe bojone Dulgiyub : Nduk, mangan opo mengko bengi? Konyil : Pisan maneh takon, ta jawab SATEEEEEE! Jan-jane sing sudo rungon kuwi jebule Dulgiyub! (*&)&*%)&*)$&*)^&*^&*()

#DulgiyubTheSeries Rahasia PLN

Dulgiyub seneng banget ngerti Konyil wis meteng sesasi. Nanging sakdurunge dipastekne karo dokter, Dulgiyub lan Konyil ora arep ngomong2ke babagan metenge Konyil. Dadi rahasia sik. Amarga nek rasido, kan ora elok. Lha ujug2 ana Petugas PLN teko nagih. Sing nemoni Konyil. Petugas PLN : Bu, njenengan telat sesasi Konyil : Lho kok ngerti? Pakne, iki kok durung2 wis do ngerti nek aku telat sesasi. Du lgiyub : Eh mas, sampeyan seko endi ngertine? Petugas PLN : Kan ta catet pak! Dulgiyub : Lha terus piye ben tetep dadi rahasia? Petugas PLN : Yo dibayar! Dulgiyub : Woh, meres ki! Nek aku ra gelem mbayar?! Petugas PLN : Lha terpaksa diputus! Dulgiyub : Kenthir ik! Lha nek diputus, bojoku njuk kepiye? Petugas PLN : Yo nganggo lilin tho pak! !@*#$)@*)#$%()!@$%^*@)^*@)$*^% )

#DulgiyubTheSeries Nesu Nang Perpustakaan

Dulgiyub mlebu perpustakaan daerah sinambi rada nesu. Dulgiyub arep protes karo perpustakaan. Dulgiyub :   Mas, kene mas. Aku arep protes! Petugas Perpustakaan : Piye mas? Dulgiyub : Mas, iki mosok ana buku kok ora ana critane. Isine mung jenenge uwong kabeh lan nomer. Emange aku arep tuku togel?! Petugas Perpustakaan : Endi bukune? Dulgiyub :   Iki, nyoh! Petugas Perpustakaan : Mas, kuwi dudu buku crito. Kuwi buku telpon! ((*((*^)&*%$)&*^&*)%*)&%)

#DulgiyubTheSeries Keturunan Uzbekistan

Bu Guru wis mlebu kelas. Biasane langsung absen murid-muridte, termasuk Dulgiyub. Bu Guru gumun karo jenenge Dulgiyub. Bu Guru : Dulgiyub Saklitinov, coba mrene nang ngarep! Dulgiyub : Nggih bu Bu Guru : Kowe ki keturunan Uzbekistan yo? Dulgiyub : Sanes, Bu. Kula Jawa ndeles. Bu Guru : Lha kok jenengmu ana Saklitinov? Dulgiyub : Saklitinov niku saking tanggal lahir kula. Bu Guru : Maksudte piye? Dulgiyub : Saklitinov niku Sabtu kliwon tiga november )#*$%)*!@)#$^*)@#$(^)@($

#DulgiyubTheSeries Dulgiyub Perayu Ulung

Konyil akhire gelem dadi bojone Dulgiyub. Ora maido. Dulgiyub kuwi jago ngrayu sing gawe Konyil klepek-klepek. Wacanen wae rayuan maute Dulgiyub marang Konyil. Dulgiyub : Bapakmu juragan kapling yo Konyil : Weh sok teu Dulgiyub : Margo kowe wis ngapling atiku Dulgiyub : Dik Konyil ki cocoke dadi marketing perumahan kok Konyil : Mosok sih? Dulgiyub : Iyo, soale aku wis pingin booking kapling atimu. Dulgiyub : Ayo nang notaris! Konyil : Lha ngopo nang kana? Dulgiyub : Aku arep nga-AJB atiku nang atimu’ Dulgiyub :   Yen Dik Konyil kuwi lawang, aku kuwi kuncine Konyil : Halah, gombil! Dulgiyub : Ora gombal kok. Iki ben aku iso mbuka lawang atimu, Dik. Dulgiyub : Aku ki seneng maca buku lho, Dik Konyil. Nanging ana siji buku sing aku durung duwe Konyil : Buku opo mas? Dulgiyub : Buku nikah karo kowe. (**()&*()*()^)*(^*)&^&*)^

#DulgiyubTheSeries Mesra Tenanan

Dulgiyub wis bebojoan karo Konyil. Lagi manja2an nang ruang tamune. Duuuh mesra tenan bojone Dulgiyub ki. Opo maneh tatapane Konyil kuwi rada kepiye ngono nang Dulgiyub. Manis Manja Group tenan pokoke. Konyil : Mas Dul, biyen kuwi uaaakeeh wong lanang seneng nglamar aku. Tapi ta tolak kabeh. Aku mung milih mas Dul. Dulgiyub : Semana ugo aku, Dik. Aku biyen yo uaaake nglamar wong wadon. Lha ning mung kowe sing gelem karo aku. )(&*@()*()*(^)*(&*(_&

#DulgiyubTheSeries Melu Jum'atan

Amarga luwih mentingke ngrampungke gawean, Dulgiyub lan Bardugab wis meh telat jumatan. Kiro-kiro jam 12.20 Dulgiyub lan Bardugab lagi metu seko kantor. Basan tekan mesjid sing paling cerak, ternyata jamaahe wis do metu seko mesjid. Jumatan wis rampung. Banjur Dulgiyub lan Bardugab golek mesjid maneh. Tekan mesjid ke loro, jebule jamaahe wis rakaat ke loro. "Wah golek mesjid sing durung mulai wa e, Bar", jare Dulgiyub. Banjur Dulgiyub lan Bardugab tekan mesjid ketelu. Jamaahe isih podo lungguh lan donga bareng. Dulgiyub : Iki wae, lagi arep sholat. Isih donga bareng. Bardugab : Hooh. Aman Dul! Isih iso melu jumatan. Dulgiyub lan Bardugab banjur ndresel-ndresel jamaah, golek lungguh nang tengah jamaah. "Aamiin.... aamiin... aamiin", Dulgiyub lan Bardugab melu-melu jamaah liyane Imam : Aamiin... aamiin ya rabbal alamiin Banjur jamaah pada ngadeg lan bubar. Jebule iki mau donga bakda sholat!

#DulgiyubTheSeries Tuku Apem

Bardugab dodol apem nang pasar. Dulgiyub pingin tuku. Dulgiyub : Apeme piro? Bardugab : Sijine 1000. Nek tuku telu 2500 wae. Dulgiyub : Yo wis, aku tuku 4. Dadine piro? Bardugab : 4000 Dulgiyub : Lho lha kok 4000? Bardugab : Sijine kan 1000. Ping 4 yo dadi 4000. Dulgiyub bingung, nanging ora kelangan akal Dulgiyub : Yo wis . Aku tuku 3 sik. Bar kuwi aku tuku siji. Dadine piro? Bardugab : Tuku 3, 2500. Tambah 1, sewu. Kabehe 3500. Dulgiyub : Wis ngono wae. Nuwun yo _)((_&*(&*()^*)&&*)^*(%*)&^

#DulgiyubTheSeries Duwe Kenalan Dewe

Bu Guru lagi ngajar nang ngarep kelas. Takon karo murid-muridte. Bu Guru : Sopo sing ngerti Thomas Alfa Edison? Murid : boten mangertos bu Bu Guru : James Watt, ngerti tho? Murid : Boten bu Guru Bu Guru : Lho kok do ora ngerti. Iki do sinau ora tho? Dulgiyub semaur. Dasare murid rada ndableg. Dulgiyub : Bu Guru, ngertos Bardugab boten Bu Guru : ora, le Dulgiyub : Menawi Konyil, mangertos boten bu? Bu Guru : Sopo kuwi. Wong loro kuwi sopo lan ngopo? Dulgiyub : Lha ngoten bu, kula gadha kenalan piyambak, ibu nggih gadhah kenalan. Ibu boten kenal kalih kenalan kula. Ugi kula boten kenal kalih kenalan ibu. (*)&@(#&(#@#@*()#*

#DulgiyubTheSeries Ora Garap PR

Iki critane Dulgiyub pas jaman SD biyen. Gurune kerep banget wenehi PR. Dulgiyub : Bu, angsal boten menawi wenehi hukuman kagem tiyang ingkang boten ngelakoni? Guru  : Kuwi jenenge ora adil, Dul Dulgiyub : Alhamdulillah, Bu. Kula boten ngelakoni garap PR. )!#*$^)@*^)@(%^)@$%^(@$*

#DulgiyubTheSeries Wong Mendhem Numpak Bis

Sakwijining dino Dulgiyub arep wawancara kerjo nang Semarang. Dulgiyub numpak bis antar kota antar propinsi Jogja – Semarang. Basan bise tekan Jalan Magelang, ana wong mendhem munggah bis sing ditumpaki Dulgiyub. Ndilalah lungguh nang sebelahe Dulgiyub. Ngerti dewe tho, nek wong mendhem ki ambune alkohol. Dulgiyub pingin nyadarke lan nasehati wong mendhem iki. Dulgiyub : Mas, sampeyan mendhem yo ? Wong mendhem : Kok sampeyan ngerti? Ababku koyo nogo yo? Dulgiyub : Sampeyan ki pingin menyang neraka po?! Wong mendhem kuwi mau kaget. Mak njenggirat. Wong mendhem : Ora mas. Aku arep menyang Semarang. Iki bise kleru po? *(&#@*(&()*#&@*(&*(_!#&(_#&_*( &#@(_