Iki malem minggu, Dulgiyub ngapel nang omahe pacare. Omahe ora adoh seko kost2an Dulgiyub. Pas lagi asyik ngobrol, udan deres pathes. Dulgiyub mbingungi amarga wedi udane ora mandeg tekan esuk. Weruhi Dulgiyub sing bingung amarga udan, ibune si pacar ngomong, “Wis nak Dul, nginep mriki mawon. Mengko nek mulih ndak malah teles kebes masuk angin.” “Boten sah bu, mangke malah ngrepoti ibu.”, Dulgiyub gayane nolak padahal yo pingin. “Rapopo, nak Dul. Kan ana kamar tamu. Nak Dul turu teng kamar tamu mawon.”, jawab ibuke Dulgiyub manthuk2 tandane gelem nginep nang kamar tamu. “Yo wis mas, ta gawekne jahe anget sik. Sediluk yo.”, pacare Dulgiyub ngomong banjur mlebu nang dapur. Selang 5 menit, si pacar kaget weruh Dulgiyub teles kebes nang ngarep lawang. “Kok teles kebes, ngopo je mas?”, si pacar takon “Sorry Dik, aku bar mulih nang kost2an. Njupuk sarung. Aku ora iso turu nek ora nganggo sarungku iki!” Oaaalaaah koplaaaks )(&*(#*(^&#)!@*(^*()^#*()^