Skip to main content

Posts

Showing posts from June, 2013

#DulgiyubTheSeries Latian Perang

Dulgiyub lan Bardugab melu seleksi dadi tentara. Seleksine kuwi seminggu mlebu hutan, latian perang-perangan lan syarate salah sijine yoiku ora oleh adus. Rampung telung dino, sak kompine Dulgiyub lan Bardugab diundang karo komandane. Komandan : Iki wis telung dino. Kowe kabeh do ora adus. Mambu prengus koyo wedhus. Saiki aku arep nyampekno kabar apik lan kabar elek. Dulgiyub : Siap komandan. Kabar apik rumiyin! Komandan : Kabar apike, klambimu sing prengus kuwi kudu diganti. Bardugab : Menawi kabar elekipun? Komandan : Kabar eleke, klambimu, Bardugab, dinggo Dulgiyub. Klambine Dulgiyub, dinggo kowe Bardugab. *(&*(&_(&(__%&*$)^$*)&$)

#DulgiyubTheSeries Limang Pintu Darurat

Dulgiyub lagi pertama kali numpak pesawat. Saben pesawat mesti pramugarine gawe pengumuman. Pramugari : Para penumpang sedaya. Pesawat niki wonten 5 pintu darurat. Menawi wonten bebaya, para penumpang sedaya saged migunaken 2 pintu darurat wonten ing ngajeng. Menawi lawang menika risak, saged migunaken 2 pintu darurat. Dulgiyub : Lho, jare 5, kok mung 4 pintu? Pramugari : Menawi sedaya risak, taksih wonten pintu setunggal malih. Taksih wonten PINTU TOBAT. Mekaten Dulgiyub : waaah pramugarine lulusan stand up comedy (Y*(&*(&*(_&*(_^(_&*%*&%*(*(^(_*^

#DulgiyubTheSeries Manuk Beo

Bardugab duwe manuk Beo. Didelehne nang ngarep omahe. Angere Konyil lewat ngarep omahe Bardugab, Beone muni : "Hai mbak. Mbake elek. Mbake elek." Pisan pindo ngono, Konyil ora nesu. Basan wis ping telu, papat, limo, banjur Konyil nglabrak Bardugab sing duwe Beo. Konyil : (karo nesu gethem2) Bar, kuwi manukmu nek ngomong ojo waton. Sesuk nek isih muni ngono, ta beleh manukmu Bardugab : Iyo wis. Sesuk ora muni maneh. Esuke Konyil lewat ngarep omahe Bardugab. Beo : Hai mbak... Konyil : (mandeg njuk mesem) (mbatin) Wah wis pinter beone. Beo : Ah mbak wis ngerti terusane. Konyil banjur mbalang sandal! *(&_*(^*(_^&%*(_^*(_^_*(^_*(

#DulgiyubTheSeries No Sir

Pertama kali Dulgiyub kerjo nang Jakarta, Dulgiyub nyambut gawe nang perusahaan asing. Bose seko londo. Lha bose kuwi weruh Dulgiyub kok ketoke santai-santai wae. Yo maklum, kan isih anyaran. Rung akeh gaweane. Banjur bose marani Dulgiyub. Bos : Are you busy? Dulgiyub : No Sir, I'm Dulgiyub. *(&(_*&(^_(^(_^(^&(_*

#DulgiyubTheSeries Enak Jaman Biyen

Dulgiyub lan Bardugab nang cakruk, ngobrol ngalor ngidul. Karo cenat-cenut BBM mundak. Dulgiyub : Pancen ijik kepenak jamane Pak Harto kok, Bar Bardugab : Yo penak saiki tho. Ana fesbuk, twitter, bb. Biyen po iso? Dulgiyub : Ora. Nek biyen ki ra mikir kudu golek duit. Gur mikir dolan lan yang-yangan. Bardugab : Wooo hooh. )(*()*)*(^(_*^(_*^*(_*(&

#DulgiyubTheSeries BBM Mundak!

APBNP 2013 wis diketok palune karo DPR. Dadio BBM mundak. Dulgiyub : Piye iki, BBM mundak Bardugab : Yo wis. Ra usah ngeping, ra usah brodkes, ra usah teskon. Ngono kok dipikir tho, Dul! Dulgiyub : Jindul ki! (*(_*&(_*&*(_^_*(^(_^*

#DulgiyubTheSeries Diet Murah

Sakwise Dulgiyub dadi developer, bobote mundak akeh. Dadi lemu ora karuan. Diet opo wae ora mudhun-mudhun. Malah nambah terus. Dulgiyub : Aku diet opo wae, kok isih lemu yo, Bar Bardugab : Kowe ki kapusan iklan kok, Dul. Padahal nek pingin kuru ki guampinge pool Dulgiyub : Piye carane, Bar? Bardugab : Cukup aqua sak galon lan brambang sakgegem Dulgiyub : Murah kuwi. Obat-obat dietku kae atusan ewu je. Sesasi iso jutaan. Mudhun wae ora. Carane piye, Bar? Bardugab : Brambange kuwi mbok genggem nang tangan kiwo. Aqua sak galon mbok gendong nggo tangan tengen. Njuk kowe mlayu-mlayu pitung puteran nang alun-alun kidul. Dilakoni rutin seminggu. Dulgiyub : Gundulmu menthelis! *(_*(^(_%^&*(%^%&%*)&%&*%*)&%^&*^

#DulgiyubTheSeries BangJo

Dulgiyub lan Bardugab muter-muter Jogja numpak mobil. Sing nyupir Bardugab. Basan ngliwati bangjo Malioboro, mobile digas bablas padahal lampune isih abang. Dulgiyub : Kowe ki piye to? Lampu abang malah bablas Bardugab : Santai wae, Dul. Kae mobil polisi mburine awake dewe yo bablas wae kok Dulgiyub : Kae ki ngoyak! (*^(_*&&()&%&*)(^*)^

#DulgiyubTheSeries Duit Palsu

Dagangane Bardugab payu. Dibayare nggo duit satusewu. Bardugab bingung, iki duit asli opo dudu. Banjur takon Dulgiyub. Bardugab : Dul, piye carane ngerti duit iki palsu opo asli? Dulgiyub : Wah kowe ki ra tau nonton tivi po piye? Bardugab : Aku ki nang warung terus je Dulgiyub : Ngene, kuwi duite mbok tekuk nganti ana 4 tekukan. Bardugab : uwis Dulgiyub : Uwis to? Saiki ujung-ujunge mbok plenet-plenet rada kuat sithik. Bardugab : Uwis Dulgiyub : Bukaen maneh kuwi. Bardugab : Njuk piye, Dul? Dulgiyub : Lha kuwi kacamata Bung Hatta pecah ora? Nek pecah berarti duite palsu, nek ora pecah berarti duite asli. *()&*(&*(__*(&_(^&*(_%%&%&*

#DulgiyubTheSeries Numpak Taksi

Dulgiyub lagi pertama kali numpak taksi nang Jakarta. Dasare rada ndeso. Pas nyegat njuk mlebu taksi, argone murup 5500 (flag fall). Dulgiyub : (mbatin) Durung-durung kok wis 5500. Ojo2 mergo bobotku sing abot. Banjur Dulgiyub njengking sethithik, ngankat sonyole. Bakda kuwi argone nambah 600. Dulgiyub : (mbatin) Lha rak tenan tho. Saiki mung nambah 600. Untuk ora 5500 maneh. *(_^*(_&(_*^&(_*^_*(%(_%^*(_

#DulgiyubTheSeries Kawin Enom

Iki critane ngopo kok Dulgiyub lan Konyil kawin nom. Konyil : Piye mas nek awake dewe dadi manten sasi Juni wae? Dulgiyub : Ojo Juni, soale aku arep melu seminar Tuku Omah Ra Nggo Duit Konyil : Yo Juli wae tho?! Dulgiyub : Juli ki aku magang nang developer je Konyil : Oww... Nek sasi Agustus? Apik ketoke mas Dulgiyub : Agustus ki kan sasi kemerdekaan Endonesa. Aku dadi panitia je, Dik Konyil Konyil : Yo wis lah, nek sasi September? Dulgiyub : Ojo September lah, kuwi mangsa pancaroba. Sok-sok udan, sok-sok panas. Mengko tamune sithik. Piye nek Oktober wae, Dik Konyil? Konyil : Oktober? Nek Oktober ki kowe pas nang rumah sakit mas. Gegar otak. Dulgiyub : Wah... kowe ki.... Mosok ngerti suk Oktober aku gegar otak. Konyil : Arep ta kepruk kursi!!! (*&*(&*(_^(_%**(_%&*(^(_*^*(_^(_*%^*%$&*)%*_

#DulgiyubTheSeries Raport Abang

Iki cerita Dulgiyub pas jaman SD. Dulgiyub bakda raportan. Ibune pingin weruh raporte Dulgiyub. Ibu : Piye Dul raportmu? Dulgiyub : Apik kok bu Ibu : Bijine abang? Dulgiyub : Ireng kabeh bu? Ibu : Biji 3, 4, 5 kok ireng Dulgiyub : Lha bolpene bu Guru ireng, bu. Ibu : Ndelok kene. Banjur raporte Dulgiyub dijupuk karo ibune Ibu : Panceno raportmu ki apik. Ora lecek, isih alus. Ning bijimu kuwi 3, 4, 5, koyo ngene. Kuwi jenenge kowe ki GUOOOBLIIIIK! *(&(*^(_*^*(_^(_*^&*(_*(%(_*^(_^

#DulgiyubTheSeries Numpak Bis

Dulgiyub menyang Jakarta golek gawean. Ndilalah oleh undangan wawancara nang salah sawijining gedung nang Jalan Jendral Soedirman. Dulgiyub numpak bis seko Tebet. Kondektur : Supomo... Supomo (ngandani penumpang yen wis tekan Supomo) Dulgiyub meneng wae. Kondektur : Gatot Subroto... Gatot Subroto..... Dulgiyub meneng wae Kondektur : Soedirman... Soedirman... Dulgiyub mbatin, wah wong Jakarta ki jenenge koyo pejuang-pejuang kabeh yo. Kondektur : Sisingamanraja... Dulgiyub sansoyo yakin. Kondektur : Blok M... Blok M... Dulgiyub : Mas, aku kok ora diundang-undang? Jenengku Dulgiyub, iki KTP-ku! *(&()&*(^%*(%*(%+^+()T%+*(%

#DulgiyubTheSeries Pakan Kucing

Dulgiyub madang awan nang warung sotone Bardugab. Amarga wis wareg, sotone ora entek. Nek dibuang kok yo eman-eman. Arep dibungkus, dipakakne kucing nang omah. Dulgiyub : Bar, njaluk plastike. Nggo bungkus sotone iki lho. Ora entek. Arep ta pakakne kucingku. Bardugab : Woh yo sik, sediluk Bardugab banjur njupuk plastik nanging ana isine soto. Sajake soto bekas pelanggan liyane sing ora entek Dulgiyub : Aku mung njaluk plastik, kok kowe wenehi soto bosok ngene. Bardugab : Jare nggo pakan kucingmu. Iki sisan. Nek kurang, mengko tak wenehi maneh. ()*(&(**(^(P*^&*)%)&*$%*)&)&*%$&*)%

#DulgiyubTheSeries Ajar Dadi Kontraktor

Dulgiyub lagi ajar bisnis properti. Dulgiyub dadi kontraktor alias tukang gawe omah. Konsumen pertamane yoiku Bardugab. Konco kenthele dewe. Kan luwih penak nek bisnis kuwi dimulai seko kekancan. Basan omahe wis dadi, Bardugab ora gelem nganggo omahe kuwi. Dulgiyub : Kowe ki piye to, Bar. Omahe apik. Listrik, telpun, internet, banyu kabeh tak pasang. Kualitas bangunan nomer siji. Omahe nganggo marmer, kabeh resik nganti tikus lan coro wae ora gelem mlebu saking resike. Bardugab : Lha kuwi, tikus ro coro wae wegah, opo maneh aku, Dul! *(^&*(^*(_%*_&%*(_^(_

#DulgiyubTheSeries Kolam Renang Telu

Dulgiyub lan Bardugab ngobrol ngalor ngidul nang cakruk pojokan kampung. Dulgiyub : Kowe ki ngerti ora, Bar. Keluarga ku ki sugihe sak arat-arat. Bardugab : Woh tenane, Dul Dulgiyub : Tenin. Mbok sumprit. Buktine kolam renange omahku kae nganti ana telu. Bardugab : Nggo opo lho akeh-akeh banget Dulgiyub : Kan sugih! Bardugab : Wha lha njuk opo wae kuwi kok nganti telu Dulgiyub : Siji kolam renang banyu panas. Sijine maneh kolam renang banyune adem. Sijine maneh kolam kosong. Bardugab : Lha sing kosong nggo opo, Dul? Dulgiyub : Dinggo sing ora iso renang! (*(*(&^&*)%^&%%*%&*)%^&*)%^*)%^

#DulgiyubTheSeries Luwih Kepenak Jaman Biyen

Dulgiyub lagi cangkrukan karo konyil nang ngarep TV. Ndilalahe TVne lagi mbahas Pak Harto, presiden Endonesa sing wis mangkat. Dulgiyub : Iyo ik, panceno luwih kepenak jaman Pak Harto Konyil : Gayamu mas ngomongke politik. Koyo dong-dongo wae mas Dulgiyub : Lha iyo tho. Soale jamane Pak Harto, kowe ki isih umur rongpuluhan. PLAK! *(&(*)&*()^&*(^*()^&*)%^*)^

#DulgiyubTheSeries Ban Bocor

Dulgiyub tau dadi supir nang Rumah Sakit Jiwa Pakem. Sakwijining dino, Dulgiyub kudu ngeterke penghuni Pakem wisata nang Parangtritis. Ndilalahe, nang ndalan ban mobile sing disupiri Dulgiyub bocor. Dulgiyub banjur ganti ban. Lha kok pas arep masang maneh, baute ban kesenggol lan mlebu peceren. Dulgiyub mbingungi. Dulgiyub : Diamput ki... piye carane masang ban yen ora ana baute. Salah sawijining penghuni Pakem, Bardugab melu ngomong. Bardugab : Pir... (supir, ngundang Dulgiyub). Copoten sak baut seko telung ban sing ana. Lan pasangen nang ban sing sijine kuwi. Mengko nek ketemu toko baut, kari tuku baut papat. Dulgiyub : Weh, bener juga kowe. Tapi kowe ki kan edan, kok iso ngerti??? Bardugab : H E L L L O O O O O W... Aku pancen edan, ning dudu goblig koyo kowe@ :p :p :p *(&(_*^&(_^_*(%*(_(_^(_^(_^