Skip to main content

Posts

Showing posts from December, 2014

#‎DulgiyubTheSeries‬ Mlebu Kafe

‪Bardugab lungguh de we'an nang bar Kafe. Gak sepiro suwene koncone sing jenenge Dulgiyub mlebu ambek nggandeng wong wedok 5 uayu2, terus lungguh neng lounge, gayane ngebosi koyo' raja minyak, guyon cekakakan karo bolak balik cipika cipiki, wis pokok'e marai kemropok. Bardugab mbatin, "kapan nasibku koyo' Dulgiyub. Lha aku wong wedok siji wae ora gablek". Pas Dulgiyub mlaku nang Bar, Bardugab ono kesempatan takon: "Dul piye carane awakmu iso oleh kencanan ayu2?" Dukgiyub : "ojo' crito2 yo, tak kandani rahasiane ....mrené nek awakmu dolan rene maneh ... begitu awakmu lungguh neng Bar, uncalno kunci mobilmu neng mejo Bar, wis mesti wong wedok2 iku marani" Bardugab : "tapi aku gak duwe mobil, aku mung duwe sepeda montor wae wis elek, knalpote ucul pisan.... " Dulgiyub : "awakmu cuma perlu gantungan kunci mobil. Iki delok'en aku duwe gantungan kunci Jaguar. Yo cuma' ngono thok modalku" Sesuk bengine, Bardugab kle