Skip to main content

#DulgiyubTheSeries Adzan Awan-Awan

Dulgiyub : Kowe wingi awan2 ribut ki ngopo, Bar?

Bardugab : Aku adzan nang mesjid jam 10 awan. Banjur wargane nggrudug. Protes, adzan opo kok jam 10. Ta jawab kuwi adzan subuh!

Dulgiyub : Lha kowe ki yo lucu. Adzan subuh kok jam 10. Aliranmu ki opo?!

Bardugab : Yo sing lucu ki sing do nggrudug. Aku adzan subuh tenanan malah do turu, ra ana sing teko. Aku adzan jam 10 malah do moro. Sing kleru aliran ki sopo?

#(:-&’&@)&92’(/;’-:@’

Comments

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Bardugab Prikso Nang Dulgiyub

Bardugab awake greges-greges, banjur moro pengobatan alternatif, Mbah Dulgiyub . Banjur tekan kana, Bardugab diterawang karo Mbah Dulgiyub . Dulgiyub : Kowe ki kudu akeh olah ragane. Istirahat sing cukup. Rasah mendhem, diakehi banyu putihe. Ojo numpak mobil. Po maneh taksi. Taksi online yo ora oleh nganggo. Luwih apik lan becik ki kowe mlaku wae. Kurangi mangan daging-dagingan, seafood-seafoodtan. Diakehi mangan sayur-sayuran. Poso luwih apik Bardugab : Lha aku ki loro opo tho Mbah? Kok akeh banget pantangane? Dulgiyub : Gajimu cilik banget... ra cukup nggo mangan sing enak2! Bardugab : 81435918(*&)98ypjkb;kv9_(*(*&