Skip to main content

#‎DulgiyubTheSeries‬ Ditelpun Asuransi

Dulgiyub isuk-isuk oleh telpun seko pegawe asuransi

Pegawe Asuransi : Sugeng enjing pak, saged ngganggu sekedap?
Dulgiyub : Piye mbak?
Pegawe Asuransi : Pak nek lunga numpak mobil?
Dulgiyub : Iyo, biasane ngono
Pegawe Asuransi : Nyupir dewe napa disupiri?
Dulgiyub : Nganggo supir, mbak. Piye?
Pegawe Asuransi : Uwis nganggo asuransi?
Dulgiyub : Ketoke sih uwis, njajal mengko ta takonane.
Pegawe Asuransi : Mobile bapak regane piro? Di atas 500 jt utawa di bawahe pak?
Dulgiyub : Jelas di atas 500jt
Pegawe Asuransi : Mobile sakniki sing dinggo opo pak?
Dulgiyub : Trans Jogja, mbak!

 [Klik! Telpun ditutup]

Comments

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Bardugab Prikso Nang Dulgiyub

Bardugab awake greges-greges, banjur moro pengobatan alternatif, Mbah Dulgiyub . Banjur tekan kana, Bardugab diterawang karo Mbah Dulgiyub . Dulgiyub : Kowe ki kudu akeh olah ragane. Istirahat sing cukup. Rasah mendhem, diakehi banyu putihe. Ojo numpak mobil. Po maneh taksi. Taksi online yo ora oleh nganggo. Luwih apik lan becik ki kowe mlaku wae. Kurangi mangan daging-dagingan, seafood-seafoodtan. Diakehi mangan sayur-sayuran. Poso luwih apik Bardugab : Lha aku ki loro opo tho Mbah? Kok akeh banget pantangane? Dulgiyub : Gajimu cilik banget... ra cukup nggo mangan sing enak2! Bardugab : 81435918(*&)98ypjkb;kv9_(*(*&