Skip to main content

Posts

#DulgiyubTheSeries Dulgiyub Nang Perpustakaan

Wis wayah wengi, Dulgiyub telpun nang petugas perpustakaan kampuse. Dulgiyub : Pak, perpustakaanipun kapan dibuka? Petugas : Sesuk mas, jam 9 esuk Dulgiyub : Menawi jam 7 saged pak Petugas : Boten saged mas. Kedah jam 9 Dulgiyub : Jam 8? Petugas : Ora iso mas, kudu jam 9. Mbok benjing mawon mas Dulgiyub : hmmm... kula boten ajeng mlebet kok. Kula niki kekancingan teng perpus, ajeng medal. )#@*$^)@*#$)^*@$

#DulgiyubTheSeries Dulgiyub Lan Wong Ngemis

Mulih nyambut gawe, Dulgiyub mampir nang kampuse biyen. Nang Universitas Gadjah Mada. Pingin nongkrong nang Bon-bin, kantine Sastra. Amarga weruh wong ngemis nang ngarep Bon-Bin, Dulgiyub marani lan wenehi duit. Dulgiyub : Wis suwe ngemis nang kene pak? Pengemis : Sampun mas, sampun 5 tahun. Dulgiyub : Pantes aku kok ora tau weruh, aku lulus wis 6 tahun kepungkur. Biasane oleh piro pak ngemis nang kene? Kan mahasiswa kabeh iki. Pengemis : Lumayan mas, paling sithik rong puluh ewu. Saged nggo nedha bareng keluarga Dulgiyub : Woo wis duwe keluarga. Lha keluargane nang endi pak? Pengemis : Wonten ing Sanata Dharma, ing Amikom, ing IKIP nggih wonten. Dulgiyub : Wah ampuh pak sampeyan. Anak-anakmu do kuliah kabeh. Pengemis : Sanes mas, anak-anak kula nggih ngemis koyo kula niki Dulgiyub : oooooooo )@*#$^)@*(#$)^*@#$)^*(

#DulgiyubTheSeries Wong Ampuh

Dulgiyub critane lagi dolan karo Bardugab. Dolan nang laut. Dukgiyub pingin nyilem. Dulgiyub banjur nyilem nang laut, ndelok kaendahan biota laut, ana terumbu karang lan iwak-iwakan. Basan wis nyilem 5 meter, weruh Bardugab nang sebelahe yo melu nyilem, blas ora nganggo alat nyilem. "Wah ampuh tenan ki Bardugab. Jerone semene iso ora nganggo alat nyilem", batine Dulgiyub Basan mudun menjero 10 meter, Bardugab yo nyusul. "Edyaan ki, Bardugab pancen ampuh", batine Dulgiyub Sampe dasar laut, kiro-kiro 15 meter, Bardugab nyusul maneh. Bardugab nulis nang pasir dasarane laut. "Tulung, aku ki kelelep, Dul!" ()&(*&!#*(*(_&(_*#&@_&_)#

#DulgiyubTheSeries Dulgiyub Jago Nawar

Sakwijining dino Dulgiyub pingin jeruk. Dulgiyub menyang pasar, ketemu Bardugab kancane sing bakul jeruk. Dulgiyub : Jeruke piro sekilo? Bardugab : Sepuluh ewu Dulgiyub : Jindul ki, larang banget! Lha nek kecut piye? Bardugab : Nek kecut, kowe ra usah bayar. Dulgiyub : Yo wis, aku njaluk sing kecut wae 10 kilo (*&)*(^)**()#@%&*)%^&*)^

#DulgiyubTheSeries Njaluk Mundak Gaji

Bardugab nyambut gawe nang perusahaan duweke Dulgiyub. Bardugab wis kerjo setahun. Pingin gajine mundak. Bardugab banjur ngomong pinginane kuwi karo bos Dulgiyub. Bardugab : Dul, aku njaluk mundak gaji. Aku kan wis kerjo setahun Dulgiyub : Setahun gundulmu menthelis Bardugab : Iyo setahun. Dulgiyub : Jajal itungen. Setahun   ki ana pirang dino? Bardugab : 365 dino Dulgiyub : Anggep wae 366 dino wis. Kowe kerjo jam piro tekan jam piro? Bardugab : Biasane 8 jam, seko jam 8 tekan jam 5 sore Dulgiyub : Kuwi artine kowe kerjo 1/3 dino. Podo wae 1/3 tahun. 1/3ne 366 dino ki pirang dino? Bardugab : 122 dino Dulgiyub : Sabtu Minggu kowe ngantor ora? Bardugab : Yo ora tho. Kan prei Dulgiyub : Lha Sabtu Minggu kuwi ana 104 dino. Lha 122 dino dikurang 104 dino ki kari pirang dino? Bardugab : 18 dino Dulgiyub : Cuti setahun pirang dino? Bardugab : 12 dino Dulgiyub : Brarti 18 dikurangi 12 dino piro? Bardugab : Kari 6 dino. Dulgiyub : Idul Fitri lan Idul ...

#DulgiyubTheSeries Dulgiyub Pengudud Kelas Berat

Dulgiyub kuwi pengudud kelas berat. Lha kancane, Bardugab, malah ora tau udud blas. Wong 2 kuwi mau ora sengaja numpak bis bareng pas mulih seko pegawean. Dulgiyub : Udud ra? (Dulbiyub ngetokne udud sakbungkus) Bardugab : Ora. Haram lan boros! Dulgiyub : Gayamu Bar! Bardugab : Jajal wae itungen. Kowe sedino udud pirang bungkus? Dulgiyub : Rata-rata rong bungkus Bardugab : Wis pirang tahun kowe u dud. Dulgiyub : Kawit SD, nyolongi udude bapakku Bardugab : Anggep wae 20 tahun. Lha ududmu kuwi regane sebungkus piro? Dulgiyub : 15ewu Bardugab : Ngene. Anggep wae ududmu kuwi 10ewu sebungkus. Kowe sedino udud rong bungkus. Setahun 365 dino, ududmu kuwi totale setahun 730 bungkus. Ping 10ewe wae. wis 7,3jt. Nek 20 tahun, wis oleh 146juta. Iso nggo tuku mobil, Dul. Dulgiyub : Wah iyo yo.... Meneng sedela Dulgiyub : Kowe udud ora tho? Bardugab : Ora. Kandani haram lan boros! Dulgiyub : Kok ngebis? Lha mobilmu endi? *(&!#(^#^$*^#@$)&*^&#*(_@&*(_$

#DulgiyubTheSeries Panceno Dudu Dulgiyub

Eling tho critane Dulgiyub lagi gojegan terus diseneni Gurune amarga ora ngerti sopo sing tanda tangan proklamasi? Sesuke Bu Guru ngundang bapake Dulgiyub nang sekolahan. Bu Guru : Pak, anake sampeyan niku boten ngertos sinten ingkang nanda tangani teks proklamasi. Napa teng omah boten nate sinau? Bapake Dulgiyub : Inggih napa. Sekedap, kula tangleti rumiyin si Dulgiyub. Banjur bapake takon karo Dulgiyub. Bapake Dulgiyub : Le, sopo sing nanda tangani teks proklamasi? Dulgiyub : Saestu pak. Sanes kula. Saestu, mbok sumprit! Banjur Bapake Dulgiyub ngomong karo Gurune Bapake Dulgiyub : Bu Guru niku pripun, lha wong sanes Dulgiyub ingkang nanda tangani teks prokalamasi. Boten angsal fitnah lho bu. *()&*(#@&*(@&$)&