Skip to main content

#DulgiyubTheSeries Wong Ampuh

Dulgiyub critane lagi dolan karo Bardugab. Dolan nang laut. Dukgiyub pingin nyilem. Dulgiyub banjur nyilem nang laut, ndelok kaendahan biota laut, ana terumbu karang lan iwak-iwakan. Basan wis nyilem 5 meter, weruh Bardugab nang sebelahe yo melu nyilem, blas ora nganggo alat nyilem.

"Wah ampuh tenan ki Bardugab. Jerone semene iso ora nganggo alat nyilem", batine Dulgiyub

Basan mudun menjero 10 meter, Bardugab yo nyusul.

"Edyaan ki, Bardugab pancen ampuh", batine Dulgiyub

Sampe dasar laut, kiro-kiro 15 meter, Bardugab nyusul maneh.

Bardugab nulis nang pasir dasarane laut. "Tulung, aku ki kelelep, Dul!"

()&(*&!#*(*(_&(_*#&@_&_)#

Comments

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Bardugab Prikso Nang Dulgiyub

Bardugab awake greges-greges, banjur moro pengobatan alternatif, Mbah Dulgiyub . Banjur tekan kana, Bardugab diterawang karo Mbah Dulgiyub . Dulgiyub : Kowe ki kudu akeh olah ragane. Istirahat sing cukup. Rasah mendhem, diakehi banyu putihe. Ojo numpak mobil. Po maneh taksi. Taksi online yo ora oleh nganggo. Luwih apik lan becik ki kowe mlaku wae. Kurangi mangan daging-dagingan, seafood-seafoodtan. Diakehi mangan sayur-sayuran. Poso luwih apik Bardugab : Lha aku ki loro opo tho Mbah? Kok akeh banget pantangane? Dulgiyub : Gajimu cilik banget... ra cukup nggo mangan sing enak2! Bardugab : 81435918(*&)98ypjkb;kv9_(*(*&