Skip to main content

Posts

#‎DulgiyubTheSeries‬ Mlebu Kafe

‪Bardugab lungguh de we'an nang bar Kafe. Gak sepiro suwene koncone sing jenenge Dulgiyub mlebu ambek nggandeng wong wedok 5 uayu2, terus lungguh neng lounge, gayane ngebosi koyo' raja minyak, guyon cekakakan karo bolak balik cipika cipiki, wis pokok'e marai kemropok. Bardugab mbatin, "kapan nasibku koyo' Dulgiyub. Lha aku wong wedok siji wae ora gablek". Pas Dulgiyub mlaku nang Bar, Bardugab ono kesempatan takon: "Dul piye carane awakmu iso oleh kencanan ayu2?" Dukgiyub : "ojo' crito2 yo, tak kandani rahasiane ....mrené nek awakmu dolan rene maneh ... begitu awakmu lungguh neng Bar, uncalno kunci mobilmu neng mejo Bar, wis mesti wong wedok2 iku marani" Bardugab : "tapi aku gak duwe mobil, aku mung duwe sepeda montor wae wis elek, knalpote ucul pisan.... " Dulgiyub : "awakmu cuma perlu gantungan kunci mobil. Iki delok'en aku duwe gantungan kunci Jaguar. Yo cuma' ngono thok modalku" Sesuk bengine, Bardugab kle...

#DulgiyubTheSeries Krisis BBM

Dulgiyub : Jare lagi krisi bbm iki, Bar,. Bengsin angel golekane. Nang eceran yo larang Bardugab : Wah durung iso gawe mobil wae, bengsine wis angel. Suk umpamane iso gawe mobil dewe, mobile malah ora iso mlaku. Soale bengsine wis podo entek. Ciloko ik. *(^&(_*^(_*%^*(_^(*^(*_^(_^ _*(^_*(^

#DulgiyubTheSeries Ngukur Tiang Gendera

Dulgiyub : Bar, tulung dietungku dhuwure tiang gendera nang ngarep bale kampung kae Bardugab banjur menek tiang gendera. Karepe ngukur dhuwure. Dulgiyub : Lho lha ngopo mbok penek Bardugab : Jaremu kon ngukur dhuwure. Dulgiyub : Yo gak usah mbok penek. Kan iso mbok copot wesine, tiange didunke nang lemah, banjur mbok ukur nggo meteran. Bardugab : Lha nek nang ngisor kuwi ngukur dowone, dudu dhuwure. *(^#*(!^*(_^#*(_^#@$*(^_*(^%*( _@^#()&

#DulgiyubTheSeries Adzan Awan-Awan

Dulgiyub : Kowe wingi awan2 ribut ki ngopo, Bar? Bardugab : Aku adzan nang mesjid jam 10 awan. Banjur wargane nggrudug. Protes, adzan opo kok jam 10. Ta jawab kuwi adzan subuh! Dulgiyub : Lha kowe ki yo lucu. Adzan subuh kok jam 10. Aliranmu ki opo?! Bardugab : Yo sing lucu ki sing do nggrudug. Aku adzan subuh tenanan malah do turu, ra ana sing teko. Aku adzan jam 10 malah do moro. Sing kleru aliran ki sopo? #(:-&’&@)&92’(/;’-:@’