Skip to main content

#DulgiyubTheSeries Gimmick Dodolan

Bardugab dadi sales ideran. Nawakne barang nang Dulgiyub.

Bardugab : Dul, tukunen iki. Ta diskon 20% wis nggo kowe. Iki wis paling murah nang kelase.

Dulgiyub : Lha nek murah, tukunen dewe wae Bar.. Kan murah! Malah mbok adol ki piye.

Bardugab : *(&&*%%%(^%(^&%(^%

Liyo dino, Bardugab ketemu Dulgiyub maneh. Saiki strategine dodolan wis bedo gimmick.
Bardugab : iki Dul. Barang iki yen kowe tuku, kowe langsung untung 20%. Nang endi maneh tho iso tuku barang sing langsung untung ngene iki.

Dulgiyub : Lha nek untung, nopo gak mbok tuku dewe. Kan kowe njuk untung. Malah mbok adol ki piye

Bardugab : (*(&*(&#*(&*(&#@$&*(#&($*&*(_#

Liyo dino, Bardugab ketemu Dulgiyub maneh. Saiki strategine dodolan wis bedo gimmick maneh ..
Bardugab : Naaa saiki Dul, wis wayahe kowe duwe barang iki. Soale yen kowe tuku iki, ta bonusi barang liyane.

Dulgiyub : Ha mbok tukunen dewe. Kan kowe njuk sing entuk bonus!

Bargugab : *(&(*&(&(&^*%* haaaffuuu og kowe Dul

*(&()^&*)%*)%*)^*(_^)%^%&*^(_^*%

Comments

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Bardugab Prikso Nang Dulgiyub

Bardugab awake greges-greges, banjur moro pengobatan alternatif, Mbah Dulgiyub . Banjur tekan kana, Bardugab diterawang karo Mbah Dulgiyub . Dulgiyub : Kowe ki kudu akeh olah ragane. Istirahat sing cukup. Rasah mendhem, diakehi banyu putihe. Ojo numpak mobil. Po maneh taksi. Taksi online yo ora oleh nganggo. Luwih apik lan becik ki kowe mlaku wae. Kurangi mangan daging-dagingan, seafood-seafoodtan. Diakehi mangan sayur-sayuran. Poso luwih apik Bardugab : Lha aku ki loro opo tho Mbah? Kok akeh banget pantangane? Dulgiyub : Gajimu cilik banget... ra cukup nggo mangan sing enak2! Bardugab : 81435918(*&)98ypjkb;kv9_(*(*&