Skip to main content

#DulgiyubTheSeries Dulgiyub Jum’atan

Iki ceritane Dulgiyub lagi arep jumatan nang masjid. Pas lungguh nang njero masjid, bapak nang sebelahe nyurungke kotak amal. Dulgiyub mbuka dompete, bingung milih duwit sing endi sing arep disumbangke. 100ewu kok kakehan, mengko arep dinggo melu seminar. 50ewu isih kakehan, mengko arep dinggo mangan. 20ewu kok isih kakehan, mengko arep dinggo tuku bengsin. 10ewu kok eman2, iso dinggo tuku martabak. Akhire Dulgiyub nyemplungke duwit 1000 nang kotak amal.

Rampung nyemplungke duwit 1000, ana bapak sing lungguh mburine Dulgiyub nepuk pundake lan wenehne duwit 100ewu. Dulgiyub kaget, nanging duwite kuwi langsung dilebokne kotak amal.

“Boten eman2 tho pak? Duwit 100ewu niku kathah. Sewu mawon sampun cekap!”, Dulgiyub mbisiki bapak sing wenehi duwit 100ewu.

“Oh boten. Niku wae artone sampeyan sing tibo saking dompet!”

@*)$)^@*$)*^@)($^@)#$%(@&%^)@*(

Comments

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Bardugab Prikso Nang Dulgiyub

Bardugab awake greges-greges, banjur moro pengobatan alternatif, Mbah Dulgiyub . Banjur tekan kana, Bardugab diterawang karo Mbah Dulgiyub . Dulgiyub : Kowe ki kudu akeh olah ragane. Istirahat sing cukup. Rasah mendhem, diakehi banyu putihe. Ojo numpak mobil. Po maneh taksi. Taksi online yo ora oleh nganggo. Luwih apik lan becik ki kowe mlaku wae. Kurangi mangan daging-dagingan, seafood-seafoodtan. Diakehi mangan sayur-sayuran. Poso luwih apik Bardugab : Lha aku ki loro opo tho Mbah? Kok akeh banget pantangane? Dulgiyub : Gajimu cilik banget... ra cukup nggo mangan sing enak2! Bardugab : 81435918(*&)98ypjkb;kv9_(*(*&