Skip to main content

#DulgiyubTheSeries Kemah Nang Prambanan

Dulgiyub lan Bardugab developer omah sing seneng dolan2 munggah gunung lan kemah. Pokokmen seneng petualangan.

Lha wong loro kuwi lagi kemah nang Prambanan. Tekane lokasi kemah, tendane diadekne lan wong loro kuwi turu nang njero amarga wis sayah banget.

Pas rino wengi adem, Dulgiyub tangi lan nggugah Bardugab .

Dulgiyub : To, tangio sik

Bardugab : Ngopo to... Jik enak turune ki

Dulgiyub : Deloken kae lho, lintang nang langit. Ngerti kuwi pertanda opo?

Bardugab  : Njuk ngopo to Dul. Nak yo wis biasane to ana lintang nang langit.

Dulgiyub  : Wis jian pethuk tenan kowe, Bar! Nek weruh lintang nang langit, brarti tendane ilang!

)(/?)(/:;!,?/():;!/:/);(/?!)(_

Comments

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Bardugab Prikso Nang Dulgiyub

Bardugab awake greges-greges, banjur moro pengobatan alternatif, Mbah Dulgiyub . Banjur tekan kana, Bardugab diterawang karo Mbah Dulgiyub . Dulgiyub : Kowe ki kudu akeh olah ragane. Istirahat sing cukup. Rasah mendhem, diakehi banyu putihe. Ojo numpak mobil. Po maneh taksi. Taksi online yo ora oleh nganggo. Luwih apik lan becik ki kowe mlaku wae. Kurangi mangan daging-dagingan, seafood-seafoodtan. Diakehi mangan sayur-sayuran. Poso luwih apik Bardugab : Lha aku ki loro opo tho Mbah? Kok akeh banget pantangane? Dulgiyub : Gajimu cilik banget... ra cukup nggo mangan sing enak2! Bardugab : 81435918(*&)98ypjkb;kv9_(*(*&