Skip to main content

#DulgiyubTheSeries Dulgiyub Mecat Karyawane

Dulgiyub direktur developer omah lagi teko nang proyeke. Judule sidak ndelok kerjane kabeh karyawane.
Pas muter-muter lokasi perumahane, Dulgiyub weruh ana cah enom lungguh males-malesan nang ngisor wit2an.

"Kowe dibayar piro seminggu?", Dulgiyub nesu karo cah enom iku
"Kaleh atus ewu pak!"

Dulgiyub ngethokne duite seko dompet, rong ngatus ewu, "nyoh iki gajimu seminggu. Trus lungo seko kene."

Cah enom kuwi lungo gawa rong ngatus ewu duite Dulgiyub. Dulgiyub banjur takon karo Bardugab, Proyek Managere, "Kerjo nang kene ora iso males2an. Bocah kae wis suwe kerjo nang kene?"

"Niku wau Mas Supar. Bakul es cendhol ingkang kerep liwat mriki pak!"
"Hah?!"

)(*(*&&*^(%^&%&*)^

Comments

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Bardugab Prikso Nang Dulgiyub

Bardugab awake greges-greges, banjur moro pengobatan alternatif, Mbah Dulgiyub . Banjur tekan kana, Bardugab diterawang karo Mbah Dulgiyub . Dulgiyub : Kowe ki kudu akeh olah ragane. Istirahat sing cukup. Rasah mendhem, diakehi banyu putihe. Ojo numpak mobil. Po maneh taksi. Taksi online yo ora oleh nganggo. Luwih apik lan becik ki kowe mlaku wae. Kurangi mangan daging-dagingan, seafood-seafoodtan. Diakehi mangan sayur-sayuran. Poso luwih apik Bardugab : Lha aku ki loro opo tho Mbah? Kok akeh banget pantangane? Dulgiyub : Gajimu cilik banget... ra cukup nggo mangan sing enak2! Bardugab : 81435918(*&)98ypjkb;kv9_(*(*&