Skip to main content

#DulgiyubTheSeries Gelombang Utek

Bardugab lan Dulgiyub sok-sokan ngomonge teori gelombak utek.

Dulgiyub : Bar, ngene Bar. Ternyata kuwi uteke menungsa ki ana gelombange. Iki wis ditemukan. Penemuan paling joss sak donya

Bardugab : Piye kuwi, Dul? Opo koyo ombak nang segara kae po piye?

Dulgiyub : Dadi gelombang utek kuwi ana papat. Kaping siji jenenge Beta, yoiku koyo saiki iki, koyo ngobrol ngalor ngidul. Kaping loro jenenge Alfa, kuwi misale nek kowe lagi maca buku opo nonton tv lan konsen. Kaping telu jenenge Theta, kuwi rada sadar sithik, contone nek pas nglamun Konyil pas jaman yang2an biyen. Lha kaping papat jenenge gelombang Delta, lha kuwi gelombang utek yen pas turu

Bardugab : Wah kuwi ilmu lawas. Aku malah wis nemokne gelombang utek sing kelimo

Dulgiyub : Nyak tenane?

Bardugab : Gelombang Gamma.

Dulgiyub : Woooh... njuk kepiye kuwi

Bardugab : Kuwi nek pas ngorok, Dul!

()&&*(_^&%*)&%&(^%$(%(%&*()

Comments

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Bardugab Prikso Nang Dulgiyub

Bardugab awake greges-greges, banjur moro pengobatan alternatif, Mbah Dulgiyub . Banjur tekan kana, Bardugab diterawang karo Mbah Dulgiyub . Dulgiyub : Kowe ki kudu akeh olah ragane. Istirahat sing cukup. Rasah mendhem, diakehi banyu putihe. Ojo numpak mobil. Po maneh taksi. Taksi online yo ora oleh nganggo. Luwih apik lan becik ki kowe mlaku wae. Kurangi mangan daging-dagingan, seafood-seafoodtan. Diakehi mangan sayur-sayuran. Poso luwih apik Bardugab : Lha aku ki loro opo tho Mbah? Kok akeh banget pantangane? Dulgiyub : Gajimu cilik banget... ra cukup nggo mangan sing enak2! Bardugab : 81435918(*&)98ypjkb;kv9_(*(*&

#DulgiyubTheSeries Pokokmen Nyilih

Dulgiyub dolan nang omahe Bardugab. Arep nyilih gunting rumput nggo reresik taman ngarep omahe Dulgiyub. Dulgiyub : Bar, nyilih gunting rumputmu Bardugab : Wah ra iso Dul, aku arep nganggo sore iki Dulgiyub : Sore ini? Berarti ora futsal tho? Yo wis, aku nyilih sepatu futsalmu wae. *(&*)&%#_(&#@*(^&*@$^_

#DulgiyubTheSeries Breaking News

Bardugab : Ki Dul, woconen Breaking News iki Dulgiyub : Endi? Bardugab : BREAKING NEWS Salah satu perusahaan energi nasional telah berhasil membuat solusi untuk mengatasi kenaikan harga BBM terutama Solar dan Bensin, selain sangat irit juga perlu adanya bahan bakar pengganti ... yaitu ARANG .... pokoke janji : ARANG metu, ARANG dolan, ARANG nglencer,  ARANG neng kantor, ARANG blonjo dan yang terakhir. ARANG kluyuran.....  dijamin pasti ngirit ...SolusiTOP! (*^*(_TO{IPYE*ROIY&*(%)^%&)*^&*_