Sak plok'e pindhah seko ndeso nyang kutho, Dulgiyub rejekine lancar. Saiki wis dadi wong sugih, nanging medhite tetep ora ilang-ilang. "Pak awak'e dhewe ki duwite wis akeh, ning aku pisan ae rung tau numpak montor mabur je..!!" jare Konyil bojone Dulgiyub . "Larang..!! ora sah ae..!!" Dulgiyub mangsuli cekak aos. "Nganggo duwit celenganku turahan blonjo wae yo pak...!!" Ora sepiro suwe Dulgiyub karo Konyil wis tekan bandara Juanda arep nyarter pesawat Heli, di temoni Bardugab sang pilot. Cocok soal bayarane carter pesawat Heli, Bardugab terus ngomong. "Numpak pesawat syarate kudu meneng Pak, nek nganti omong sak kecap ae sampean tak dendho 1 juta, rong kecap rong juta, ningo nek ora omong tak wenehi duwit 5 juta..!!" Bardugab njelaske syarate "Cocok pak..!! gelem aku..!!" jare Dulgiyub Wong telu wis neng njerone pesawat, terus Bardugab mulai ngeburke pesawat Heli ne. Bareng wis mabur Bardugab mulai gaw