Skip to main content

Posts

Showing posts from 2013

#DulgiyubTheSeries Dodolan Kapling Swargo

Dulgiyub : Jare ustad, akeh uwong pingin urip nang swargo Bargudab : Lha iyo tho... Jare urip nang kana kuwi kepenak. Dikancani widodari pitu.. Dulgiyub : Udu kuwi sing ta pikir. Aku lagi mikir, piye carane dodolan kapling nang swargo... Mesti akeh sing tuku. Bardugab : Woooo buaaakul! ()*()&(*)*(^&*()#^)&*(^#@&*()^)&*(#

#DulgiyubTheSeries Dilarang Parkir

Dulgiyub arep parkir mobil nang ngarep P Coret alias Dilarang Parkir. Dulgiyub : Bar, aku oleh parkir nang kene ora Bardugab : Ora oleh. Iki weruh ora tulisan Dilarang Parkir Dulgiyub : Lha kok mobil-mobil liyane oleh parkir, Bar? Bardugab : Soale mau do ora takon koyo kowe. ()*(&^&*)%^$%^$^%*(&(+)*

#DulgiyubTheSeries My Name is Joss

Dulgiyub : Hello, what is your name? Bule : My name is George Dulgiyub : Ohh Joss... Bule : Sound like you know my name Dulgiyub : Yes off course. I know your full name too. Bule : Ohh really? Dulgiyub : Your full name is BUKAK SITHIK JOSS (*&)(^)*&%^$*^_^)((&%)*&%)*&^*^

#DulgiyubTheSeries Bojoku Ayu Tenan

Dulgiyub : Bar, bojoku Konyil kae ayu tenan yo Bardugab : Ah ayu ki relatif Dulgiyub : Wis ayu, apikan maneh. Bardugab : Yo piye maneh, wis kadung Dulgiyub : Tur yo pinter lan wasis Bardugab : Bojo dewe yo panceno kudu dialem tho, Dul Dulgiyub : Ning yo kuwi, Konyil kuwi galak. Bardugab : Lha nek kuwi panceno kabeh roto. Kabeh bojo ki galak. &;(-;-:(&#?@/#(&(&*:-(&/’(

#DulgiyubTheSeries Vicky Gotik Syndrome

Dulgiyub : Umurmu ki piro saiki, Bar? Bardugab : 29 MY AGE Dulgiyub : Lha gene wis 29. Wis duwe yang durung? Bardugab : Isi ana KONTROVERSI HATI je, Dul Dulgiyub : Opo maneh kuwi Bardugab : Yo semacam STATUSISASI KEMAKMURAN ngono lah Dulgiyub : Weh lah opo hubungane karo kemakmuran Bardugab : Yo ana KONSPIRASI KEMAKMURAN sing kowe durung ngerti, Dul *()&(*&*()&#*(_&*(__*(#^Q*(_R&Q*(_#&*(_&#&

#DulgiyubTheSeries Konyil Klepek-Klepek

Ndilalah Dulgiyub lagi nang luar kota. Konyol dewean nang omah, bannjur kangen karo Dulgiyub. Konyil : Mas Dul, wis tekan endi? Dulgiyub : Isih nang perjalanan, Dik. Konyil : Aku lagi nonton OVJ ki dewean. I wish you are here. (gayane nganggo boso enggris) Dulgiyub : Aku ki nang kono kok, Dik. Nang atimu! Konyil klepek-klepek ()*()*)(#@)%&*(#@&%*(@&#*(#@

#DulgiyubTheSeries Mangan Kacang

Dulgiyub : Bar, iki kowe yo sing mangan kacang? Bardugab : Iyo Dul... Aku sing mangan kacang. Dulgiyub : Yo ojo mbuang kulite ngene iki tho. Reged kabeh! Bardugab : Lho... lha kulit kacang ki yo melu dipangan po, Dul?? )(&*)(^*&)^(*&_(%)*_^_()^^)*&%_&*^)*&^)*&

#DulgiyubTheSeries Mbut Gawe Sik Ben Dikiro Sibuk

#DulgiyubTheSeries Babagan Politik

Dulgiyub lan Bardugab gatel ngomongke politik babagan KPR Bardugab : Kowe ngerti tho KPR?! Dulgiyub : Komite Perwakilan Rakyat. Bardugab : Wis rumongo diwakili rung? Dulgiyub : Yo kadang kala terwakili, kadang kala yo ora, Bar. Bardugab : Woh kowe ki waton. Jelas2 terwakili kabeh. Dulgiyub : Maksudmu? Bardugab : Yo jelas tho. Wong cilik pingin lungguh empuk, lha wis diwakili. Wong cilik pingin mangan enak, yo wis diwakili. Wong cilik pingin duwe duit akeh, jelas2 diwakili. Wong cilik pingin numpak kendaraan sing enak, yo wis diwakili. Kabeh-kabeh wis diwakili, Dul! (*&(_&_(&_(^_(^)*&%(&$$#%$)&*^*&)%^$W$%$&*^_^)^%%

#DulgiyubTheSeries Tarif Ngundang Dulgiyub Njuk Piro?

#DulgiyubTheSeries Ijol Selawean Loro

Konyil saiki umure wis 50 tahun. Semana ugo Dulgiyub. Konyil : Mas Dul, aku saiki wis 50 tahun. Opo kowe isih tresno marang aku? Dulgiyub : Yo isih. Mbok ora usah mikir sing aneh2 tho Dik. Konyil : Lha aku kan wis tuwo. Wis ora koyo jaman biyen. Jaman ijik singset lan seksi. Dulgiyub : Lha piye? Gelem ta ijolke 25an loro po piye? =€{^£$<>€€¥]€}$€{=¥€${€=

#DulgiyubTheSeries Rupiah Kuwi Menguat

Dulgiyub lan Bardugab ngomongke masalah rupiah. Dulgiyub : Wah, iki rupiah mudun nilaine. Iso krisis ekonomi ki. Bardugab : Mbok ora meden-medeni tho, Dul. Dulgiyub : Lha yo njuk kepiye. Saiki wis 11 ewu per dollar je Bardugab : Bahasamu kui kudu diganti. Men ana efek psikologis sing positif. Men afirmatif ngono lho. Dulgiyub : Diganti kepiye tho Bardugab : Diganti --> Rupiah Mulai Menguat. Dulgiyub : Menguat kepiye Bardugab : Menguatirkan, sodarah-sodarah! *()&(*_&*(_^&*)%&*)%&*)%*&_^&* (_

#DulgiyubTheSeries Naksir Jaman SMA

Jebulane Bardugab ki yo tau naksir Konyil pas jaman SMA. Bardugab : Jan-jane biyen pas jaman SMA kae, aku naksir Konyil lho, Dul Dulgiyub : Lha njut kepiye? Mbok tembak ora? Bardugab : Rung sempet. Lha saben ta wenehi kembang, dee malah mbesengut ki Dulgiyub : Wooo lha strategimu salah. Konyil kae kari mbok cekel tangane wis langsung klepek-klepek. Malah mbok wenehi kembang. Padakno cungkup kuburan. ()&*(*&()*^)&*%*)&%*)&

#DulgiyubTheSeries Gelombang Utek

Bardugab lan Dulgiyub sok-sokan ngomonge teori gelombak utek. Dulgiyub : Bar, ngene Bar. Ternyata kuwi uteke menungsa ki ana gelombange. Iki wis ditemukan. Penemuan paling joss sak donya Bardugab : Piye kuwi, Dul? Opo koyo ombak nang segara kae po piye? Dulgiyub : Dadi gelombang utek kuwi ana papat. Kaping siji jenenge Beta, yoiku koyo saiki iki, koyo ngobrol ngalor ngidul. Kaping loro jenenge Alfa, kuwi misale nek kowe lagi maca buku opo nonton tv lan konsen. Kaping telu jenenge Theta, kuwi rada sadar sithik, contone nek pas nglamun Konyil pas jaman yang2an biyen. Lha kaping papat jenenge gelombang Delta, lha kuwi gelombang utek yen pas turu Bardugab : Wah kuwi ilmu lawas. Aku malah wis nemokne gelombang utek sing kelimo Dulgiyub : Nyak tenane? Bardugab : Gelombang Gamma. Dulgiyub : Woooh... njuk kepiye kuwi Bardugab : Kuwi nek pas ngorok, Dul! ()&&*(_^&%*)&%&(^%$(%(%&*()

#DulgiyubTheSeries Melu Seminar

Bardugab melu seminar Dulgiyub : Bar, arep nang endi? Bardugab : Arep melu seminar Tuku Omah Tanpa Duwit Dulgiyub : Seminare mbayar ora? Bardugab : Mbayar Dul! Mosok gratisan! Dulgiyub : Lha melu seminare wae mbayar, mosok tuku omahe ra nganggo duwit. (*&(_*&(_*&(_*&^%($*%^$(&%

#DulgiyubTheSeries Dolanan Fesbuk

Dulgiyub lan Bardugab dolanan fesbuk. Bardugab : Dul, fesbuk kuwi situs pertemanan opo situs perdagangan tho? Dulgiyub : Asline fesbuk kuwi situs pertemanan. Nggo kekancan, ketemu kanca-kanca lawas lan kanca anyar Bardugab : Tapi kok akeh sing do dodolan? Dulgiyub : Asline nggo kekancan, ning wong endonesa ki seneng sing ora asli, Bar. *(&*(&*(&^*)^&*(%(%%

#DulgiyubTheSeries Lomba Panjat Pinang

Wayahe lomba-lomba pitulasan, Dulgiyub lan Bardugab ngoyoworo babagan halal haram. Bardugab : Jebule PANJAT PINANG ki haram lho, Dul Dulgiyub : Walah, mosok... fatwane sopo kuwi Bardugab : weee tenan... Dulgiyub : Ora percoyo, Bar Bardugab : Kandani kok ngeyel. Sing bener kuwi PINANG PANJAT, DIPINANG sik lagi DIPANJAT. Dudu PANJAT PINANG... Mosok DIPANJAT sik lagi DIPINANG. Haram kuwi. )(*()*()*)(*()*(^*(^&*(&*(_

#DulgiyubTheSeries Ngukur Tiang Gendera

Dulgiyub lan Bardugab lagi nyiapke upacara pitulasan nang kampunge. Salah sawijining tugase ngukur dhuwure tiang bendera. Bardugab : Golek meteran wae. Njuk tiange dipenek. Banjur diukur mudhun. Dulgiyub : Lha yo mending tiange dimudhunke dhisik, didelehne lagi diukur dowone tho, Bar. Bardugab : Whe la... tugase seko pak RT ki kudu ngukur DHUWURE dudu DOWONE. ()*&(_*^&(_*%^)&*%)&*%) *iki sing koplak sopo?*

#DulgiyubTheSeries Lomba Nyanyi Pitulasan

Nang kampunge Dulgiyub ana lomba nyanyi lagu-lagu kemerdekaan. Salah sawijining peserta yoiku Bardugab sing oleh giliran nyanyi. Ndilalahe sing dadi juri yoiku Dulgiyub. Bardugab : Enam belas Agustus tahun empat lima ... Dulgiyub : Salah Bar! Bardugab : Enam belas Agustus tahun empat lima ... Dulgiyub : Walah Bar, ijik salah. Pisan meneh ta diskualifikasi lho Bardugab : Sik tho Dul, dirungoke sik. Banjur para juri sepakat ngrungoke sik. Bardugab : Enam belas Agustus tahun empat lima... BESOKNYA hari Kemerdekaan kita ... *(^*(^*)&%&*(_%*(^_(^*(_^

#DulgiyubTheSeries Workshop

Bardugab : Saiki akeh workshop workshop yo, Dul. Dulgiyub : Kowe ngerti po workshop ki opo? Bardugab : Lha yo seminar-seminar kuwi tho Dulgiyub : Dudu! Workshop ki artine sing lanang WORK, lha garwane sing SHOP ^^{£$$~°=][}[%|€$^|~

#DulgiyubTheSeries Meh Buko

Subuh mau Dulgiyub subuhan bareng Bardugab nang mesjid. Bar rampung, mulih bareng mlaku nang omah. Dulgiyub : Wingi aku meh batal posone pas Dhuhur Bardugab : Ora kuat poso po piye? Dulgiyub : Lha ta kiro wis buko. Soale adzan dhuhur ki persis banget karo adzan magrib je. ((*()*&^%^%)*&%(

#DulgiyubTheSeries Buka Warung Sasi Poso

Bardugab buka warunge padahal saiki sasi poso. Dulgiyub teko banjur muni-muni Dulgiyub : Kowe ki piye to Bar, poso-poso malah warunge dibuka blak. Ora hormati wong sing do poso. Minimal kowe ki nutup kordene. Arep digropyok po piye? Bardugab ketoke wedhi digropyok. Banjur nutup korden-kordene. Ben warunge ora ketok nek buka. Dulgiyub : Lha nak ngene kan apik. Dadi nek ana wong mangan ki ora ana sing weruh. Wis, aku pesen es teh ro sotone yo, Bar! Bardugab : woooooo (*%*&)*%&*^*)&^(*%)_

#DulgiyubTheSeries Latian Perang

Dulgiyub lan Bardugab melu seleksi dadi tentara. Seleksine kuwi seminggu mlebu hutan, latian perang-perangan lan syarate salah sijine yoiku ora oleh adus. Rampung telung dino, sak kompine Dulgiyub lan Bardugab diundang karo komandane. Komandan : Iki wis telung dino. Kowe kabeh do ora adus. Mambu prengus koyo wedhus. Saiki aku arep nyampekno kabar apik lan kabar elek. Dulgiyub : Siap komandan. Kabar apik rumiyin! Komandan : Kabar apike, klambimu sing prengus kuwi kudu diganti. Bardugab : Menawi kabar elekipun? Komandan : Kabar eleke, klambimu, Bardugab, dinggo Dulgiyub. Klambine Dulgiyub, dinggo kowe Bardugab. *(&*(&_(&(__%&*$)^$*)&$)

#DulgiyubTheSeries Limang Pintu Darurat

Dulgiyub lagi pertama kali numpak pesawat. Saben pesawat mesti pramugarine gawe pengumuman. Pramugari : Para penumpang sedaya. Pesawat niki wonten 5 pintu darurat. Menawi wonten bebaya, para penumpang sedaya saged migunaken 2 pintu darurat wonten ing ngajeng. Menawi lawang menika risak, saged migunaken 2 pintu darurat. Dulgiyub : Lho, jare 5, kok mung 4 pintu? Pramugari : Menawi sedaya risak, taksih wonten pintu setunggal malih. Taksih wonten PINTU TOBAT. Mekaten Dulgiyub : waaah pramugarine lulusan stand up comedy (Y*(&*(&*(_&*(_^(_&*%*&%*(*(^(_*^

#DulgiyubTheSeries Manuk Beo

Bardugab duwe manuk Beo. Didelehne nang ngarep omahe. Angere Konyil lewat ngarep omahe Bardugab, Beone muni : "Hai mbak. Mbake elek. Mbake elek." Pisan pindo ngono, Konyil ora nesu. Basan wis ping telu, papat, limo, banjur Konyil nglabrak Bardugab sing duwe Beo. Konyil : (karo nesu gethem2) Bar, kuwi manukmu nek ngomong ojo waton. Sesuk nek isih muni ngono, ta beleh manukmu Bardugab : Iyo wis. Sesuk ora muni maneh. Esuke Konyil lewat ngarep omahe Bardugab. Beo : Hai mbak... Konyil : (mandeg njuk mesem) (mbatin) Wah wis pinter beone. Beo : Ah mbak wis ngerti terusane. Konyil banjur mbalang sandal! *(&_*(^*(_^&%*(_^*(_^_*(^_*(

#DulgiyubTheSeries No Sir

Pertama kali Dulgiyub kerjo nang Jakarta, Dulgiyub nyambut gawe nang perusahaan asing. Bose seko londo. Lha bose kuwi weruh Dulgiyub kok ketoke santai-santai wae. Yo maklum, kan isih anyaran. Rung akeh gaweane. Banjur bose marani Dulgiyub. Bos : Are you busy? Dulgiyub : No Sir, I'm Dulgiyub. *(&(_*&(^_(^(_^(^&(_*

#DulgiyubTheSeries Enak Jaman Biyen

Dulgiyub lan Bardugab nang cakruk, ngobrol ngalor ngidul. Karo cenat-cenut BBM mundak. Dulgiyub : Pancen ijik kepenak jamane Pak Harto kok, Bar Bardugab : Yo penak saiki tho. Ana fesbuk, twitter, bb. Biyen po iso? Dulgiyub : Ora. Nek biyen ki ra mikir kudu golek duit. Gur mikir dolan lan yang-yangan. Bardugab : Wooo hooh. )(*()*)*(^(_*^(_*^*(_*(&

#DulgiyubTheSeries BBM Mundak!

APBNP 2013 wis diketok palune karo DPR. Dadio BBM mundak. Dulgiyub : Piye iki, BBM mundak Bardugab : Yo wis. Ra usah ngeping, ra usah brodkes, ra usah teskon. Ngono kok dipikir tho, Dul! Dulgiyub : Jindul ki! (*(_*&(_*&*(_^_*(^(_^*

#DulgiyubTheSeries Diet Murah

Sakwise Dulgiyub dadi developer, bobote mundak akeh. Dadi lemu ora karuan. Diet opo wae ora mudhun-mudhun. Malah nambah terus. Dulgiyub : Aku diet opo wae, kok isih lemu yo, Bar Bardugab : Kowe ki kapusan iklan kok, Dul. Padahal nek pingin kuru ki guampinge pool Dulgiyub : Piye carane, Bar? Bardugab : Cukup aqua sak galon lan brambang sakgegem Dulgiyub : Murah kuwi. Obat-obat dietku kae atusan ewu je. Sesasi iso jutaan. Mudhun wae ora. Carane piye, Bar? Bardugab : Brambange kuwi mbok genggem nang tangan kiwo. Aqua sak galon mbok gendong nggo tangan tengen. Njuk kowe mlayu-mlayu pitung puteran nang alun-alun kidul. Dilakoni rutin seminggu. Dulgiyub : Gundulmu menthelis! *(_*(^(_%^&*(%^%&%*)&%&*%*)&%^&*^

#DulgiyubTheSeries BangJo

Dulgiyub lan Bardugab muter-muter Jogja numpak mobil. Sing nyupir Bardugab. Basan ngliwati bangjo Malioboro, mobile digas bablas padahal lampune isih abang. Dulgiyub : Kowe ki piye to? Lampu abang malah bablas Bardugab : Santai wae, Dul. Kae mobil polisi mburine awake dewe yo bablas wae kok Dulgiyub : Kae ki ngoyak! (*^(_*&&()&%&*)(^*)^

#DulgiyubTheSeries Duit Palsu

Dagangane Bardugab payu. Dibayare nggo duit satusewu. Bardugab bingung, iki duit asli opo dudu. Banjur takon Dulgiyub. Bardugab : Dul, piye carane ngerti duit iki palsu opo asli? Dulgiyub : Wah kowe ki ra tau nonton tivi po piye? Bardugab : Aku ki nang warung terus je Dulgiyub : Ngene, kuwi duite mbok tekuk nganti ana 4 tekukan. Bardugab : uwis Dulgiyub : Uwis to? Saiki ujung-ujunge mbok plenet-plenet rada kuat sithik. Bardugab : Uwis Dulgiyub : Bukaen maneh kuwi. Bardugab : Njuk piye, Dul? Dulgiyub : Lha kuwi kacamata Bung Hatta pecah ora? Nek pecah berarti duite palsu, nek ora pecah berarti duite asli. *()&*(&*(__*(&_(^&*(_%%&%&*

#DulgiyubTheSeries Numpak Taksi

Dulgiyub lagi pertama kali numpak taksi nang Jakarta. Dasare rada ndeso. Pas nyegat njuk mlebu taksi, argone murup 5500 (flag fall). Dulgiyub : (mbatin) Durung-durung kok wis 5500. Ojo2 mergo bobotku sing abot. Banjur Dulgiyub njengking sethithik, ngankat sonyole. Bakda kuwi argone nambah 600. Dulgiyub : (mbatin) Lha rak tenan tho. Saiki mung nambah 600. Untuk ora 5500 maneh. *(_^*(_&(_*^&(_*^_*(%(_%^*(_

#DulgiyubTheSeries Kawin Enom

Iki critane ngopo kok Dulgiyub lan Konyil kawin nom. Konyil : Piye mas nek awake dewe dadi manten sasi Juni wae? Dulgiyub : Ojo Juni, soale aku arep melu seminar Tuku Omah Ra Nggo Duit Konyil : Yo Juli wae tho?! Dulgiyub : Juli ki aku magang nang developer je Konyil : Oww... Nek sasi Agustus? Apik ketoke mas Dulgiyub : Agustus ki kan sasi kemerdekaan Endonesa. Aku dadi panitia je, Dik Konyil Konyil : Yo wis lah, nek sasi September? Dulgiyub : Ojo September lah, kuwi mangsa pancaroba. Sok-sok udan, sok-sok panas. Mengko tamune sithik. Piye nek Oktober wae, Dik Konyil? Konyil : Oktober? Nek Oktober ki kowe pas nang rumah sakit mas. Gegar otak. Dulgiyub : Wah... kowe ki.... Mosok ngerti suk Oktober aku gegar otak. Konyil : Arep ta kepruk kursi!!! (*&*(&*(_^(_%**(_%&*(^(_*^*(_^(_*%^*%$&*)%*_

#DulgiyubTheSeries Raport Abang

Iki cerita Dulgiyub pas jaman SD. Dulgiyub bakda raportan. Ibune pingin weruh raporte Dulgiyub. Ibu : Piye Dul raportmu? Dulgiyub : Apik kok bu Ibu : Bijine abang? Dulgiyub : Ireng kabeh bu? Ibu : Biji 3, 4, 5 kok ireng Dulgiyub : Lha bolpene bu Guru ireng, bu. Ibu : Ndelok kene. Banjur raporte Dulgiyub dijupuk karo ibune Ibu : Panceno raportmu ki apik. Ora lecek, isih alus. Ning bijimu kuwi 3, 4, 5, koyo ngene. Kuwi jenenge kowe ki GUOOOBLIIIIK! *(&(*^(_*^*(_^(_*^&*(_*(%(_*^(_^

#DulgiyubTheSeries Numpak Bis

Dulgiyub menyang Jakarta golek gawean. Ndilalah oleh undangan wawancara nang salah sawijining gedung nang Jalan Jendral Soedirman. Dulgiyub numpak bis seko Tebet. Kondektur : Supomo... Supomo (ngandani penumpang yen wis tekan Supomo) Dulgiyub meneng wae. Kondektur : Gatot Subroto... Gatot Subroto..... Dulgiyub meneng wae Kondektur : Soedirman... Soedirman... Dulgiyub mbatin, wah wong Jakarta ki jenenge koyo pejuang-pejuang kabeh yo. Kondektur : Sisingamanraja... Dulgiyub sansoyo yakin. Kondektur : Blok M... Blok M... Dulgiyub : Mas, aku kok ora diundang-undang? Jenengku Dulgiyub, iki KTP-ku! *(&()&*(^%*(%*(%+^+()T%+*(%

#DulgiyubTheSeries Pakan Kucing

Dulgiyub madang awan nang warung sotone Bardugab. Amarga wis wareg, sotone ora entek. Nek dibuang kok yo eman-eman. Arep dibungkus, dipakakne kucing nang omah. Dulgiyub : Bar, njaluk plastike. Nggo bungkus sotone iki lho. Ora entek. Arep ta pakakne kucingku. Bardugab : Woh yo sik, sediluk Bardugab banjur njupuk plastik nanging ana isine soto. Sajake soto bekas pelanggan liyane sing ora entek Dulgiyub : Aku mung njaluk plastik, kok kowe wenehi soto bosok ngene. Bardugab : Jare nggo pakan kucingmu. Iki sisan. Nek kurang, mengko tak wenehi maneh. ()*(&(**(^(P*^&*)%)&*$%*)&)&*%$&*)%

#DulgiyubTheSeries Ajar Dadi Kontraktor

Dulgiyub lagi ajar bisnis properti. Dulgiyub dadi kontraktor alias tukang gawe omah. Konsumen pertamane yoiku Bardugab. Konco kenthele dewe. Kan luwih penak nek bisnis kuwi dimulai seko kekancan. Basan omahe wis dadi, Bardugab ora gelem nganggo omahe kuwi. Dulgiyub : Kowe ki piye to, Bar. Omahe apik. Listrik, telpun, internet, banyu kabeh tak pasang. Kualitas bangunan nomer siji. Omahe nganggo marmer, kabeh resik nganti tikus lan coro wae ora gelem mlebu saking resike. Bardugab : Lha kuwi, tikus ro coro wae wegah, opo maneh aku, Dul! *(^&*(^*(_%*_&%*(_^(_

#DulgiyubTheSeries Kolam Renang Telu

Dulgiyub lan Bardugab ngobrol ngalor ngidul nang cakruk pojokan kampung. Dulgiyub : Kowe ki ngerti ora, Bar. Keluarga ku ki sugihe sak arat-arat. Bardugab : Woh tenane, Dul Dulgiyub : Tenin. Mbok sumprit. Buktine kolam renange omahku kae nganti ana telu. Bardugab : Nggo opo lho akeh-akeh banget Dulgiyub : Kan sugih! Bardugab : Wha lha njuk opo wae kuwi kok nganti telu Dulgiyub : Siji kolam renang banyu panas. Sijine maneh kolam renang banyune adem. Sijine maneh kolam kosong. Bardugab : Lha sing kosong nggo opo, Dul? Dulgiyub : Dinggo sing ora iso renang! (*(*(&^&*)%^&%%*%&*)%^&*)%^*)%^

#DulgiyubTheSeries Luwih Kepenak Jaman Biyen

Dulgiyub lagi cangkrukan karo konyil nang ngarep TV. Ndilalahe TVne lagi mbahas Pak Harto, presiden Endonesa sing wis mangkat. Dulgiyub : Iyo ik, panceno luwih kepenak jaman Pak Harto Konyil : Gayamu mas ngomongke politik. Koyo dong-dongo wae mas Dulgiyub : Lha iyo tho. Soale jamane Pak Harto, kowe ki isih umur rongpuluhan. PLAK! *(&(*)&*()^&*(^*()^&*)%^*)^

#DulgiyubTheSeries Ban Bocor

Dulgiyub tau dadi supir nang Rumah Sakit Jiwa Pakem. Sakwijining dino, Dulgiyub kudu ngeterke penghuni Pakem wisata nang Parangtritis. Ndilalahe, nang ndalan ban mobile sing disupiri Dulgiyub bocor. Dulgiyub banjur ganti ban. Lha kok pas arep masang maneh, baute ban kesenggol lan mlebu peceren. Dulgiyub mbingungi. Dulgiyub : Diamput ki... piye carane masang ban yen ora ana baute. Salah sawijining penghuni Pakem, Bardugab melu ngomong. Bardugab : Pir... (supir, ngundang Dulgiyub). Copoten sak baut seko telung ban sing ana. Lan pasangen nang ban sing sijine kuwi. Mengko nek ketemu toko baut, kari tuku baut papat. Dulgiyub : Weh, bener juga kowe. Tapi kowe ki kan edan, kok iso ngerti??? Bardugab : H E L L L O O O O O W... Aku pancen edan, ning dudu goblig koyo kowe@ :p :p :p *(&(_*^&(_^_*(%*(_(_^(_^(_^

#DulgiyubTheSeries Kelincine Mati

Sakwijining dino Dulgiyub mulih omah lan weruh kucinge ngeret-eret kelincine Bardugab. Kelincine wis mati.  Dulgiyub ora kepenak karo Bardugab. Soale wis kekancan suwe. Kelincine banjur dijupuk, diadusi nganggo sabun ben resik, banjur didelehne nang kandang kelincine Bardugab. Ben dikiro kelincine mati alamiah. Ora amargo dieret-eret karo kucinge Dulgiyub. Pirang dino sakwise Bardugab : Kowe ngerti ora nek kelinciku mati Dulgiyub : (gendhadhapan) ora ik, Bar Bardugab : Kelinciku mati pirang dino kepungkur. Wis ta kubur. Nanging ana kedadean aneh. Dulgiyub : (mak jegagig) weh opo kuwi? Bardugab : Bakda ta kubur, ana sing njupuk kelinciku sing mati kuwi seko kuburane. Banjur diadusi, banjur didelehne maneh nang kandang. Aneh tenan iki, Dul! Sing njupuk lan ngedusi sajake wong edan. )#@$*^)*@$)^*@^@%)*^

#DulgiyubTheSeries Numpak Bis

Dulgiyub lan Bardugab numpak bis bareng. Dulgiyub : Aku ki ora seneng nek ndelok wong wedhok ngadek pas numpak bis. Bardubab : Aku yo iyo ik Dulgiyub : Biasane aku ngadek, wenehne kursiku nggo wong wedhok sing ngadek kuwi Bardubab : Oooo nek aku gayane turu opo pura2 ora weruh (*&(^)^&&*)^*)&^*)%)*%*)&%*)&

#DulgiyubTheSeries Geser Sithik Mbak

Dulgiyub numpak Kobutri (angkot di Jogja). Oleh lungguh tapi mepet banget. Mbak-mbak sing nang jero Kobutri ora gelem geser. Dulgiyub : Mbak, geser sithik yo mbak. Mbake : Sorry mas, aku arep mudhun. Dulgiyub : Lha mbok pikir, aku numpak Kobutri ki arep nginep po? *(*(^&_(^(_*%^*(_%*(*$)^*$&*)

#DulgiyubTheSeries Contek-Contekan

Dulgiyub lan Bardugab kuwi sak kelas pas jaman SMP. Wektu ulangan Sejarah, wong loro kuwi contek-contekan. Banjur diundang guru, ngadep nang Guru BP. Guru : Kowe do contek-contekan yo? Dulgiyub : Boten kok bu Bardugab : Saestu, boten Guru : Lha iki, pitakonan kaping siji, sopo presiden Indonesia sing nomer siji. Kowe, Dul, jawabpe Soekarno. Bardugab yo hooh. Dulgiyub : Lha niku kan sedaya tiyang nggih ngertos tho bu Bardugab : Leres bu. Guru : Pitakon nomer loro, ibu kota Malaysia. Kowe, Bar, jawabanmu Kuala Lumpur. Kowe yo hooh, Dul. Bardugab : Kula sampun sinau bu. Dados kula ngertos jawabanipun Dulgiyub : Kula nggih sinau lho Guru : Pitakon ketelu, sopo komandan pembebasan Papua. Kowe, Dul, mbok tulis "aku ora ngerti". Lha kowe, Bar, kowe nulis "aku yo ora ngerti". Berarti kowe ki do contek-contekan! (*&)*(^*(^*(_^&*(_&*(_&_

#DulgiyubTheSeries Sinau Boso Enggris

Dulgiyub lan Bardugab sinau boso enggris, ben iso spiking-spiking. 1. Yes mother dont do that: Yo mbok ojo ngono.. 2. Your head: ndasmu 3. Your eyes: matamu 4. Your bald head: gundulmu 5. Your knees falling down: dengkulmu anjlog 6. Your bellybutton on fire: wudelmu kobong 7. Your auntie's money: duwite mbokdemu tah 8. Your grandfather money: duwite mnahmu 9. Your auntie teach you about that ? : mbokdemu sing ngajari yoo?? 10.Your mother goalkeeper: makmu kiper 11.Like that yes like that but don't be like that : ngono yo ngono ning ojo ngono 12. My body is not delicious today = awakku lagi gak enak. 13.Your face far away : raimu adoh 14.Your lips: lambemu 15. Your bellybutton turn up : wudelmu bodong 16. Your head smell gum benzoin : ndasmu mambu menyan 17. Cricket! : jangkrik/diancuk 18. Your head was blown = ndasmu njeblug 19. Your eyes blind = matamu picak 20. Wanna eat your head : tak kletak ndasmu P*(^&*(^*(_%^*(_^_*(%^(_&*%&*%&*(_%_

#DulgiyubTheSeries Soto Ayam

Bardugab wis bosen dodolan apem lan dodolan es cendol. Saiki buka warung Soto Ayam. Dulgiyub : Dodol opo saiki, Bar? Bardugab : Soto Ayam, Dul Dulgiyub : Yo wis, pesen siji Bardugab banjur gawe sotone. Bardugab : Iki (karo nyodorke mangkok soto) Dulgiyub : Lho, kok ora ana pithike? Jare soto ayam (pithik) Bardugab : Yo gpp tho, lha wong Jambu Monyet to ora ana Monyete kok Dulgiyub : Gundhulmu menthelis, Bar! !#$)*%^)@#*(%^)@*%)^*@)%*^@)*

#DulgiyubTheSeries Dioyak Perusahaan Gede

Dulgiyub lan Bardugab kuwi kanca kawit cilik, nanging saiki Dulgiyub dadi bose Bardugab. Sakwijining dino, Bardugab pingin mundhak gajine. Bardugab : Dul, aku njaluk mundhak gaji Dulgiyub : Lha ngopo? Bardugab : Soale iki wis ana perusahaan gede sing ngoyak-oyak aku Dulgiyub : Wah ampuh, sopo wae Bardugab : Kuwi Bank Mega, BTN, CIMB, BII, PLN, TELKOM, PDAM Dulgiyub : Woooo kuwi ngoyak tagihanmu, Bar! !)#*$%)!*$^)@*^)*@)%^*@)%^*(

#DulgiyubTheSeries Iki Malem Jumuah

Iki malem jumuah. Sing wis bebojoan mesti do ngerti. Wayahe “tekdung”. Semono ugo Dulgiyub lan Konyil. Mula Dulgiyub glenak-glenik nyedaki Konyil. Dulgiyub : Dik Konyil, iki malem jumuah lho. Wayahe “tekdung”. Jare pak ustad, nek “tekdung” malem jumuah ki podo wae mateni setan cacahe 40 Konyil : Nek ping 2 piye mas? (Konyil njawabpe karo genit-genit kepiye) Dulgiyub : Nek pindo berarti 40 ping 2, 80 setan, Dik Konyil : Nek ping 3? Dulgiyub : Nek ping 3, 40 ping 3, 120 setan, Dik Konyil : Nek ping 4, mas? Dulgiyub : 4 ping 40 podo wae mateni 160 setan, Dik. Konyil : Nek ping limo? Dulgiyub : Nek ping limo kuwi mateni aku, Dik )(&*(_^*(^&*)%)*&%&*)^*(_^

#DulgiyubTheSeries Jagal Kota

Pulisi-pulisi Ngayogyakarta lagi sweeping preman-preman. Ndilalahe Dulgiyub yo dicekel karo pulisine. Amarga duwe tato. Lengen sisih tengen tulisane JAGAL. Lengen sisih kiwo KOTA. Pulisi : Mrene kowe, kowe preman paling medeni. Ngaku-ngaku JAGAL KOTA. Dulgiyub : Boten pak, kula namun tiyang biasa kok. Pulisi : Ora percoyo. Kuwi tatomu. Wis mateni pirang uwong kowe? Dulgiyub : Dereng nate pak, saestu, kula tiyang sae Pulisi : Buka klambine! Dulgiyub banjur buka klambine. Banjur kethok tatone kabeh. JAGALAH KEBERSIHAN KOTA. *(*(&*(_&%&*)%*(_^*&%*_^

#DulgiyubTheSeries Mripat Tengen

Bardugab ujug-ujug marani omahe Dulgiyub. Mripate abang koyo bar diantemi. Dulgiyub kaget banjur takon ana apa. Bardugab : Dadi ngene Dul, aku lagi antri. Nang ngarepku ana wong wedhok dhuwur. Ta delok, rok sing dinggo kok keslempit nang sonyol. Lha banjur ta tarik ben ketok rapi. Eeee lha kok mbake kuwi mballik, njuk nganthil mripat sisih kiwo. Dulgiyub : Lha mripat sing tengen? Bardugab : Aku pikir mbake ora seneng yen rok-e ditarik, mulane aku lebokne maneh rok-e nang slempitan sonyol. )*#$*@($%*@)$*#^)@*%^)@*%^ *sonyol kuwi boso walikan khas Jogja*

#DulgiyubTheSeries Kopi Susu

Dulgiyub lan Bardugab kuwi sak kost-kostan. Biasane Bardugab gawe kopi susu saben esuk. Dulgiyub ndilalah pingin nyruput. Dulgiyub : Aku njaluk sak sruputan yo Bardugab : Yoh kono, Ning wis ta idoni je. Dulgiyub : Woh, ra sido nek ngono Bardugab : Kopi ne tulung tunggokne wae. Ojo nganti ana sing ngombe. Aku ta adus sik. Dulgiyub : Yoh Bardugab mlebu kamar mandi banjur adus. Iseng-iseng Dulgiyub yo nglepeh idu nang kopi susu. Nyumbang sithik. Bardugab : (rampung adus) Dul, kopiku wis adem? Dulgiyub : Uwis Bardugab : Nek ngono ta ombene kene Dulgiyub : Yoh kono, mau yo wis ta sumbang idu sethithik BArdugab : Woooo asem ki, pek'en wae )!*#$^(@&*#()%^@*)$^)@*(

#DulgiyubTheSeries Ndelok Lukisan

Dulgiyub ngejak Bardugab ndelok pameran lukisan nang Gedung Societet Militer - Taman Budaya Yogyakarta. Bardugab gumun weruh lukisan apik-apik Bardugab : Woh gambar iwake apik tenan Dulgiyub : Walah Bar, kuwi ki gambar boyo. Bardugab : Lha iki gambar gajahe yo apik banget Dulgiyub : Ssst kowe ki banter ning kleru, kuwi gambar banteng Bardugab : Wah lha iki pancen apik tenan. Gambare munyuke koyo gambar tenanan. Dulgiyub : Duh biyuuuung... Kuwi pengilon, Bar!!! *(&*(&*(_#&*(@&#$(*&@$*(&(_#@* &_#@*(&

#DulgiyubTheSeries Pokokmen Nyilih

Dulgiyub dolan nang omahe Bardugab. Arep nyilih gunting rumput nggo reresik taman ngarep omahe Dulgiyub. Dulgiyub : Bar, nyilih gunting rumputmu Bardugab : Wah ra iso Dul, aku arep nganggo sore iki Dulgiyub : Sore ini? Berarti ora futsal tho? Yo wis, aku nyilih sepatu futsalmu wae. *(&*)&%#_(&#@*(^&*@$^_

#DulgiyubTheSeries Tuku Es Cendol

Bardugab dodol es cendol amarga dodolan apeme wis ra payu. Dulgiyub pingin tuku. Dulgiyub : Es cendole sak gelas piro, Bar? Bardugab : Nggo kowe, sewu limangatus wae. Dulgiyub : Mung pingin ngicipi. Nek setetes piro? Bardugab : Nek mung setetes, gratis wae Dul. Kok koyo sopo wae lho. Dulgiyub : Wah nuwun Bar. Aku njaluk setetes-setetes wae nganti sakgelas ()**(&*()^*(^&*)T^)*&I^

#DulgiyubTheSeries Dulgiyub Oleh Telpun Seko Wong Wedhok

Dulgiyub kuwi jaman enome pancen playboy kelas kakap. Nanging saiki wis insyaf. Lha sore mau Dulgiyub oleh telpun seko wong wedhok. Wong Wedhok : Hallo, saged ngomong kali Pak Dulgiyub? Dulgiyub : Inggih, kula niki Wong Wedhok :  Saged ngomong serius 4 mata kalih Pak Dul Dulgiyub : Njenengan sinten? Wong Wedhok :  Lha mesti tho. Pak Dul niki bapake anak2 kula. Dulgiyub kaget njenggirat. Dulgiyub : Kowe Elvi? Wong Wedhok : Dudu Dulgiyub : Dina? Wong Wedhok : Dudu Dulgiyub : Lenny lampung? Wong Wedhok : Dudu Dulgiyub : Jenny? Wong Wedhok : Dudu Dulgiyub : Tety Sukabumi? Wong Wedhok : Dudu Dulgiyub : Maya Surabaya? Wong Wedhok : Dudu Dulgiyub : Rani Bandung? Wong Wedhok : Sanes pak. Kula wali kelas anake sampeyan! )@(*#$^@%(^&@)$*^()@*$^)!@&$()

#DulgiyubTheSeries Buku Harian Konyil lan Dulgiyub

Buku Harian Konyil : Malem minggu – Mas Dul lagi aneh. Sore mau janjian nang Cafe. Aku bar shopping karo kanca2, dadine aku telat. Mas Dul ketoke nggonduk. Omongane ora nyambung, trus ta ajak nang pojokan sing rada sepi, tapi Mas Dul tetep meneng wae. Aku takon, “aku salah opo?”, tapi Mas Dul jawab, “ora salah”. Banjur mulih bareng. Nang mobil, mas Dul yo mung meneng wae. Aku ngomong, “I love you!”. Nanging Mas Dul mung mesem sithik. Biasane jawab, “I love you too, Nyil!”. Opo mungkin Mas Dul wis ora sayang karo aku? Tekan omah, Mas Dul langsung lungguh lan nonton TV.  Ora gelem ngomong. Aku ngenteni rong jam, akhire Mas Dul mlebu kamar. Aku takon, “Ana opo tho, Mas?”. Mas Dul malah mlengos langsung kemulan turu. Aku nangis. Rasane donya arep kiamat! Buku Harian Dulgiyub : Jindul ki, MU kalah maneh!

#DulgiyubTheSeries Jum'at Misterius

Ana kedadean aneh nang rumah sakit. Saben dino Jum'at esuk antarane jam 7 tekan jam 8, mesti kabeh pasien sing nang ICU (Intensive Care Unit) podo mati kabeh. Akhire manajemen rumah sakit lan para dokter rapat. Sepakat ngundang dukun sekti sing kerep nyekel jin lan iblis amarga kedadean iki kok kayane supranatural. Mosok wong mesti mati ben dino Jum'at esuk nang ICU. Banjur dukun kuwi teko jam 6. 30. Mlebu kamar ICU lan mbakar menyan. Suasanane rada mencekam. Wedhi ana pasien sing mati maneh nang ICU. Jam 6.55, para dokter lan manajemen sansoyo deg-degan. Ojo-ojo dhemite metu lan nesu soale arep diusir karo dukune. Jam 7 luwih 3 menit, lawang ICU dibuka. Dulgiyub, cleaning service rumah sakit, mlebu ICU. Nyabut steker alat bantu pernafasan, diganti karo steker penyedot debu. ()&&%^**(_&*(_&

#DulgiyubTheSeries Sudo Rungon

Dulgiyub dolan nang kancane sing dokter THT. Nakonke kok bojone, si Konyil, wis sudo rungon (ra patio krungu). Dokter THT : Wis parah po bojomu? Dulgiyub : Lha kuwi, aku dewe yo ora ngerti. Aku kudu mbengok nek ngomong karo bojoku. Dokter THT : Jajal, kowe ngadek 6 meter seko bojomu, njuk ngomong. Nek isih ora krungu, nyedako. Sampe pirang meter iso krungu. Banjur Dulgiyub mulih lan ketemu Konyi l, bojone. Dulgiyub : Nduk, mangan opo mengko bengi? --- Ra ana jawaban ---- Dulgiyub maju maneh, jarak 3 meter seko bojone. Dulgiyub : Nduk, mangan opo mengko bengi? --- Ra ana jawaban ---- Akhire Dulgiyub nang sebelahe bojone Dulgiyub : Nduk, mangan opo mengko bengi? Konyil : Pisan maneh takon, ta jawab SATEEEEEE! Jan-jane sing sudo rungon kuwi jebule Dulgiyub! (*&)&*%)&*)$&*)^&*^&*()

#DulgiyubTheSeries Rahasia PLN

Dulgiyub seneng banget ngerti Konyil wis meteng sesasi. Nanging sakdurunge dipastekne karo dokter, Dulgiyub lan Konyil ora arep ngomong2ke babagan metenge Konyil. Dadi rahasia sik. Amarga nek rasido, kan ora elok. Lha ujug2 ana Petugas PLN teko nagih. Sing nemoni Konyil. Petugas PLN : Bu, njenengan telat sesasi Konyil : Lho kok ngerti? Pakne, iki kok durung2 wis do ngerti nek aku telat sesasi. Du lgiyub : Eh mas, sampeyan seko endi ngertine? Petugas PLN : Kan ta catet pak! Dulgiyub : Lha terus piye ben tetep dadi rahasia? Petugas PLN : Yo dibayar! Dulgiyub : Woh, meres ki! Nek aku ra gelem mbayar?! Petugas PLN : Lha terpaksa diputus! Dulgiyub : Kenthir ik! Lha nek diputus, bojoku njuk kepiye? Petugas PLN : Yo nganggo lilin tho pak! !@*#$)@*)#$%()!@$%^*@)^*@)$*^% )

#DulgiyubTheSeries Nesu Nang Perpustakaan

Dulgiyub mlebu perpustakaan daerah sinambi rada nesu. Dulgiyub arep protes karo perpustakaan. Dulgiyub :   Mas, kene mas. Aku arep protes! Petugas Perpustakaan : Piye mas? Dulgiyub : Mas, iki mosok ana buku kok ora ana critane. Isine mung jenenge uwong kabeh lan nomer. Emange aku arep tuku togel?! Petugas Perpustakaan : Endi bukune? Dulgiyub :   Iki, nyoh! Petugas Perpustakaan : Mas, kuwi dudu buku crito. Kuwi buku telpon! ((*((*^)&*%$)&*^&*)%*)&%)

#DulgiyubTheSeries Keturunan Uzbekistan

Bu Guru wis mlebu kelas. Biasane langsung absen murid-muridte, termasuk Dulgiyub. Bu Guru gumun karo jenenge Dulgiyub. Bu Guru : Dulgiyub Saklitinov, coba mrene nang ngarep! Dulgiyub : Nggih bu Bu Guru : Kowe ki keturunan Uzbekistan yo? Dulgiyub : Sanes, Bu. Kula Jawa ndeles. Bu Guru : Lha kok jenengmu ana Saklitinov? Dulgiyub : Saklitinov niku saking tanggal lahir kula. Bu Guru : Maksudte piye? Dulgiyub : Saklitinov niku Sabtu kliwon tiga november )#*$%)*!@)#$^*)@#$(^)@($

#DulgiyubTheSeries Dulgiyub Perayu Ulung

Konyil akhire gelem dadi bojone Dulgiyub. Ora maido. Dulgiyub kuwi jago ngrayu sing gawe Konyil klepek-klepek. Wacanen wae rayuan maute Dulgiyub marang Konyil. Dulgiyub : Bapakmu juragan kapling yo Konyil : Weh sok teu Dulgiyub : Margo kowe wis ngapling atiku Dulgiyub : Dik Konyil ki cocoke dadi marketing perumahan kok Konyil : Mosok sih? Dulgiyub : Iyo, soale aku wis pingin booking kapling atimu. Dulgiyub : Ayo nang notaris! Konyil : Lha ngopo nang kana? Dulgiyub : Aku arep nga-AJB atiku nang atimu’ Dulgiyub :   Yen Dik Konyil kuwi lawang, aku kuwi kuncine Konyil : Halah, gombil! Dulgiyub : Ora gombal kok. Iki ben aku iso mbuka lawang atimu, Dik. Dulgiyub : Aku ki seneng maca buku lho, Dik Konyil. Nanging ana siji buku sing aku durung duwe Konyil : Buku opo mas? Dulgiyub : Buku nikah karo kowe. (**()&*()*()^)*(^*)&^&*)^