Skip to main content

#DulgiyubTheSeries Bardugab Prikso Nang Dulgiyub


Bardugab awake greges-greges, banjur moro pengobatan alternatif, Mbah Dulgiyub. Banjur tekan kana, Bardugab diterawang karo Mbah Dulgiyub.

Dulgiyub : Kowe ki kudu akeh olah ragane. Istirahat sing cukup. Rasah mendhem, diakehi banyu putihe. Ojo numpak mobil. Po maneh taksi. Taksi online yo ora oleh nganggo. Luwih apik lan becik ki kowe mlaku wae. Kurangi mangan daging-dagingan, seafood-seafoodtan. Diakehi mangan sayur-sayuran. Poso luwih apik

Bardugab : Lha aku ki loro opo tho Mbah? Kok akeh banget pantangane?

Dulgiyub : Gajimu cilik banget... ra cukup nggo mangan sing enak2!

Bardugab : 81435918(*&)98ypjkb;kv9_(*(*&

Comments

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Dadi Motivator

Dulgiyub saiki dadi Motivator. Isih numpak motor mergane isih motivator anyaran. Ndilalahe motore mbrebet2, banjur di bengkelne nang bengkele Bardugab. Dulgiyub : Bar, iki motorku tulung didandani. Bardugab : Yo... iki keluhane opo? Dulgiyub : Lho aku iki motivator, pantang mengeluh!!! ##639&s9-d@v*f

#DulgiyubTheSeries Baliknama

Dulgiyub dodolan omah. Omahe payu, banjur teko nang Notaris, kanggo balik nama nang konsumene. Ndilalahe uwis ibu2. Notaris : Bu, sampeyan kan tuku omah nang pak Dulgiyub. Uwis lunas? Konsumen : Sampun bu Notaris. Notaris : Bener tha, Pak Dulgiyub? Dulgiyub : Leres Bu..Sampun lunas. Notaris : Gandeng sampun lunas, ibu kedah balik nama rumiyin. Konsumen : boten ah. Boten purun. Notaris : Lho, niki prosedur saking BPN. Konsumen : Lha jenengku MAYA TILIS. Mosok arep dibaliknama. Wis ra sido tuku wae.