Skip to main content

#‎DulgiyubTheSeries‬ Mlebu Kafe

‪Bardugab lungguh de we'an nang bar Kafe. Gak sepiro suwene koncone sing jenenge Dulgiyub mlebu ambek nggandeng wong wedok 5 uayu2, terus lungguh neng lounge, gayane ngebosi koyo' raja minyak, guyon cekakakan karo bolak balik cipika cipiki, wis pokok'e marai kemropok.

Bardugab mbatin, "kapan nasibku koyo' Dulgiyub. Lha aku wong wedok siji wae ora gablek".

Pas Dulgiyub mlaku nang Bar, Bardugab ono kesempatan takon: "Dul piye carane awakmu iso oleh kencanan ayu2?"

Dukgiyub : "ojo' crito2 yo, tak kandani rahasiane ....mrené nek awakmu dolan rene maneh ... begitu awakmu lungguh neng Bar, uncalno kunci mobilmu neng mejo Bar, wis mesti wong wedok2 iku marani"

Bardugab : "tapi aku gak duwe mobil, aku mung duwe sepeda montor wae wis elek, knalpote ucul pisan.... "

Dulgiyub : "awakmu cuma perlu gantungan kunci mobil. Iki delok'en aku duwe gantungan kunci Jaguar. Yo cuma' ngono thok modalku"

Sesuk bengine, Bardugab kledhang2 mlebu kafe; Dulgiyub wis ono' neng jero lungguh karo wong wedok telu.

Bardugab marani Bar, karo nguncalno kunci sak gantungan mobile FERRARI neng duwur mejo Bar ....ƍgak ono' reaksi babar pisan...

Kunci dijupuk maneh disak'i ... bareng ono' wong wedok liwat, kunci diuncalno maneh nang duwur meja Bar.... ƍgak ono' reaksi maneh, malah di-guyu2.

Dulgiyub sing wiwit mau ngawasno wae langsung marani Bardugab, karo mbisiki: "...awakmu iku lho, kok goublok nemen to....COPOTEN DISIK HELM sepeda montormu...

#‎DulgiyubTheSeries‬ Tuku Klambi

Bardugad : Ayo Dul, ta ajak tuku klambi. Murah2 ik. Klambi gur 2000. Kathok gur 3000.

Dulgiyub : Nang toko endi kuwi?

Bardugab : Kuwi lho, kidul pasar. Ana toko jenenge Sup*r Laundry.

Dulgiyub : (&^@(&@(&82&()!*&$&*!:@&*@

Comments

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Bardugab Prikso Nang Dulgiyub

Bardugab awake greges-greges, banjur moro pengobatan alternatif, Mbah Dulgiyub . Banjur tekan kana, Bardugab diterawang karo Mbah Dulgiyub . Dulgiyub : Kowe ki kudu akeh olah ragane. Istirahat sing cukup. Rasah mendhem, diakehi banyu putihe. Ojo numpak mobil. Po maneh taksi. Taksi online yo ora oleh nganggo. Luwih apik lan becik ki kowe mlaku wae. Kurangi mangan daging-dagingan, seafood-seafoodtan. Diakehi mangan sayur-sayuran. Poso luwih apik Bardugab : Lha aku ki loro opo tho Mbah? Kok akeh banget pantangane? Dulgiyub : Gajimu cilik banget... ra cukup nggo mangan sing enak2! Bardugab : 81435918(*&)98ypjkb;kv9_(*(*&

#DulgiyubTheSeries Pokokmen Nyilih

Dulgiyub dolan nang omahe Bardugab. Arep nyilih gunting rumput nggo reresik taman ngarep omahe Dulgiyub. Dulgiyub : Bar, nyilih gunting rumputmu Bardugab : Wah ra iso Dul, aku arep nganggo sore iki Dulgiyub : Sore ini? Berarti ora futsal tho? Yo wis, aku nyilih sepatu futsalmu wae. *(&*)&%#_(&#@*(^&*@$^_

#DulgiyubTheSeries Breaking News

Bardugab : Ki Dul, woconen Breaking News iki Dulgiyub : Endi? Bardugab : BREAKING NEWS Salah satu perusahaan energi nasional telah berhasil membuat solusi untuk mengatasi kenaikan harga BBM terutama Solar dan Bensin, selain sangat irit juga perlu adanya bahan bakar pengganti ... yaitu ARANG .... pokoke janji : ARANG metu, ARANG dolan, ARANG nglencer,  ARANG neng kantor, ARANG blonjo dan yang terakhir. ARANG kluyuran.....  dijamin pasti ngirit ...SolusiTOP! (*^*(_TO{IPYE*ROIY&*(%)^%&)*^&*_