Skip to main content

#DulgiyubTheSeries Peliiiit Banget


Sak plok'e pindhah seko ndeso nyang kutho, Dulgiyub rejekine lancar.
Saiki wis dadi wong sugih, nanging medhite tetep ora ilang-ilang.

"Pak awak'e dhewe ki duwite wis akeh, ning aku pisan ae rung tau numpak montor mabur je..!!" jare Konyil bojone Dulgiyub.

"Larang..!! ora sah ae..!!" Dulgiyub mangsuli cekak aos.

"Nganggo duwit celenganku turahan blonjo wae yo pak...!!"

Ora sepiro suwe Dulgiyub karo Konyil wis tekan bandara Juanda arep nyarter pesawat Heli, di temoni Bardugab sang pilot.

Cocok soal bayarane carter pesawat Heli, Bardugab terus ngomong.

"Numpak pesawat syarate kudu meneng Pak, nek nganti omong sak kecap ae sampean tak dendho 1 juta, rong kecap rong juta, ningo nek ora omong tak wenehi duwit 5 juta..!!"

Bardugab njelaske syarate

"Cocok pak..!! gelem aku..!!" jare Dulgiyub

Wong telu wis neng njerone pesawat, terus Bardugab mulai ngeburke pesawat Heli ne. Bareng wis mabur Bardugab mulai gawe manuver, pesawate di enggok2ke ngiwo nengen ngiwo nengen, malah nganggo jungkir balik barang.
Kiro kiro sak jam heli wis mendarat.. Karo ngguya ngguyu Bardugab marani Dulgiyub.

"Wah Pak Dulgiyub pancen hebat, ora ngomong blass, iki hadiahe 5 juta..!!"
jarene Bardugab.

"Sak jane aku mau arep omong, ning wedi di dhendho.. aku milih meneng ae, ben oleh hadiah 5 juto, jare Dulgiyub

"Sak jane awakmu arep ngomong opo to Pak..?" Bardugab takon..

"Bojoku tibo Pak...!!"

Comments

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Bardugab Prikso Nang Dulgiyub

Bardugab awake greges-greges, banjur moro pengobatan alternatif, Mbah Dulgiyub . Banjur tekan kana, Bardugab diterawang karo Mbah Dulgiyub . Dulgiyub : Kowe ki kudu akeh olah ragane. Istirahat sing cukup. Rasah mendhem, diakehi banyu putihe. Ojo numpak mobil. Po maneh taksi. Taksi online yo ora oleh nganggo. Luwih apik lan becik ki kowe mlaku wae. Kurangi mangan daging-dagingan, seafood-seafoodtan. Diakehi mangan sayur-sayuran. Poso luwih apik Bardugab : Lha aku ki loro opo tho Mbah? Kok akeh banget pantangane? Dulgiyub : Gajimu cilik banget... ra cukup nggo mangan sing enak2! Bardugab : 81435918(*&)98ypjkb;kv9_(*(*&

#DulgiyubTheSeries Pokokmen Nyilih

Dulgiyub dolan nang omahe Bardugab. Arep nyilih gunting rumput nggo reresik taman ngarep omahe Dulgiyub. Dulgiyub : Bar, nyilih gunting rumputmu Bardugab : Wah ra iso Dul, aku arep nganggo sore iki Dulgiyub : Sore ini? Berarti ora futsal tho? Yo wis, aku nyilih sepatu futsalmu wae. *(&*)&%#_(&#@*(^&*@$^_

#DulgiyubTheSeries Breaking News

Bardugab : Ki Dul, woconen Breaking News iki Dulgiyub : Endi? Bardugab : BREAKING NEWS Salah satu perusahaan energi nasional telah berhasil membuat solusi untuk mengatasi kenaikan harga BBM terutama Solar dan Bensin, selain sangat irit juga perlu adanya bahan bakar pengganti ... yaitu ARANG .... pokoke janji : ARANG metu, ARANG dolan, ARANG nglencer,  ARANG neng kantor, ARANG blonjo dan yang terakhir. ARANG kluyuran.....  dijamin pasti ngirit ...SolusiTOP! (*^*(_TO{IPYE*ROIY&*(%)^%&)*^&*_