Skip to main content

#DulgiyubTheSeries Kolam Renang Telu

Dulgiyub lan Bardugab ngobrol ngalor ngidul nang cakruk pojokan kampung.

Dulgiyub : Kowe ki ngerti ora, Bar. Keluarga ku ki sugihe sak arat-arat.
Bardugab : Woh tenane, Dul
Dulgiyub : Tenin. Mbok sumprit. Buktine kolam renange omahku kae nganti ana telu.
Bardugab : Nggo opo lho akeh-akeh banget
Dulgiyub : Kan sugih!
Bardugab : Wha lha njuk opo wae kuwi kok nganti telu
Dulgiyub : Siji kolam renang banyu panas. Sijine maneh kolam renang banyune adem. Sijine maneh kolam kosong.
Bardugab : Lha sing kosong nggo opo, Dul?
Dulgiyub : Dinggo sing ora iso renang!

(*(*(&^&*)%^&%%*%&*)%^&*)%^*)%^

Comments

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Dadi Motivator

Dulgiyub saiki dadi Motivator. Isih numpak motor mergane isih motivator anyaran. Ndilalahe motore mbrebet2, banjur di bengkelne nang bengkele Bardugab. Dulgiyub : Bar, iki motorku tulung didandani. Bardugab : Yo... iki keluhane opo? Dulgiyub : Lho aku iki motivator, pantang mengeluh!!! ##639&s9-d@v*f

#DulgiyubTheSeries Baliknama

Dulgiyub dodolan omah. Omahe payu, banjur teko nang Notaris, kanggo balik nama nang konsumene. Ndilalahe uwis ibu2. Notaris : Bu, sampeyan kan tuku omah nang pak Dulgiyub. Uwis lunas? Konsumen : Sampun bu Notaris. Notaris : Bener tha, Pak Dulgiyub? Dulgiyub : Leres Bu..Sampun lunas. Notaris : Gandeng sampun lunas, ibu kedah balik nama rumiyin. Konsumen : boten ah. Boten purun. Notaris : Lho, niki prosedur saking BPN. Konsumen : Lha jenengku MAYA TILIS. Mosok arep dibaliknama. Wis ra sido tuku wae.