Skip to main content

#DulgiyubTheSeries Ban Bocor

Dulgiyub tau dadi supir nang Rumah Sakit Jiwa Pakem. Sakwijining dino, Dulgiyub kudu ngeterke penghuni Pakem wisata nang Parangtritis. Ndilalahe, nang ndalan ban mobile sing disupiri Dulgiyub bocor. Dulgiyub banjur ganti ban. Lha kok pas arep masang maneh, baute ban kesenggol lan mlebu peceren. Dulgiyub mbingungi.

Dulgiyub : Diamput ki... piye carane masang ban yen ora ana baute.

Salah sawijining penghuni Pakem, Bardugab melu ngomong.

Bardugab : Pir... (supir, ngundang Dulgiyub). Copoten sak baut seko telung ban sing ana. Lan pasangen nang ban sing sijine kuwi. Mengko nek ketemu toko baut, kari tuku baut papat.
Dulgiyub : Weh, bener juga kowe. Tapi kowe ki kan edan, kok iso ngerti???
Bardugab : H E L L L O O O O O W... Aku pancen edan, ning dudu goblig koyo kowe@ :p :p :p

*(&(_*^&(_^_*(%*(_(_^(_^(_^

Comments

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Bardugab Prikso Nang Dulgiyub

Bardugab awake greges-greges, banjur moro pengobatan alternatif, Mbah Dulgiyub . Banjur tekan kana, Bardugab diterawang karo Mbah Dulgiyub . Dulgiyub : Kowe ki kudu akeh olah ragane. Istirahat sing cukup. Rasah mendhem, diakehi banyu putihe. Ojo numpak mobil. Po maneh taksi. Taksi online yo ora oleh nganggo. Luwih apik lan becik ki kowe mlaku wae. Kurangi mangan daging-dagingan, seafood-seafoodtan. Diakehi mangan sayur-sayuran. Poso luwih apik Bardugab : Lha aku ki loro opo tho Mbah? Kok akeh banget pantangane? Dulgiyub : Gajimu cilik banget... ra cukup nggo mangan sing enak2! Bardugab : 81435918(*&)98ypjkb;kv9_(*(*&