Skip to main content

#DulgiyubTheSeries Latian Perang

Dulgiyub lan Bardugab melu seleksi dadi tentara. Seleksine kuwi seminggu mlebu hutan, latian perang-perangan lan syarate salah sijine yoiku ora oleh adus.

Rampung telung dino, sak kompine Dulgiyub lan Bardugab diundang karo komandane.

Komandan : Iki wis telung dino. Kowe kabeh do ora adus. Mambu prengus koyo wedhus. Saiki aku arep nyampekno kabar apik lan kabar elek.
Dulgiyub : Siap komandan. Kabar apik rumiyin!
Komandan : Kabar apike, klambimu sing prengus kuwi kudu diganti.
Bardugab : Menawi kabar elekipun?
Komandan : Kabar eleke, klambimu, Bardugab, dinggo Dulgiyub. Klambine Dulgiyub, dinggo kowe Bardugab.

*(&*(&_(&(__%&*$)^$*)&$)

Comments

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Bardugab Prikso Nang Dulgiyub

Bardugab awake greges-greges, banjur moro pengobatan alternatif, Mbah Dulgiyub . Banjur tekan kana, Bardugab diterawang karo Mbah Dulgiyub . Dulgiyub : Kowe ki kudu akeh olah ragane. Istirahat sing cukup. Rasah mendhem, diakehi banyu putihe. Ojo numpak mobil. Po maneh taksi. Taksi online yo ora oleh nganggo. Luwih apik lan becik ki kowe mlaku wae. Kurangi mangan daging-dagingan, seafood-seafoodtan. Diakehi mangan sayur-sayuran. Poso luwih apik Bardugab : Lha aku ki loro opo tho Mbah? Kok akeh banget pantangane? Dulgiyub : Gajimu cilik banget... ra cukup nggo mangan sing enak2! Bardugab : 81435918(*&)98ypjkb;kv9_(*(*&