Skip to main content

#DulgiyubTheSeries Duit Palsu

Dagangane Bardugab payu. Dibayare nggo duit satusewu. Bardugab bingung, iki duit asli opo dudu. Banjur takon Dulgiyub.

Bardugab : Dul, piye carane ngerti duit iki palsu opo asli?
Dulgiyub : Wah kowe ki ra tau nonton tivi po piye?
Bardugab : Aku ki nang warung terus je
Dulgiyub : Ngene, kuwi duite mbok tekuk nganti ana 4 tekukan.
Bardugab : uwis
Dulgiyub : Uwis to? Saiki ujung-ujunge mbok plenet-plenet rada kuat sithik.
Bardugab : Uwis
Dulgiyub : Bukaen maneh kuwi.
Bardugab : Njuk piye, Dul?
Dulgiyub : Lha kuwi kacamata Bung Hatta pecah ora? Nek pecah berarti duite palsu, nek ora pecah berarti duite asli.

*()&*(&*(__*(&_(^&*(_%%&%&*

Comments

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Bardugab Prikso Nang Dulgiyub

Bardugab awake greges-greges, banjur moro pengobatan alternatif, Mbah Dulgiyub . Banjur tekan kana, Bardugab diterawang karo Mbah Dulgiyub . Dulgiyub : Kowe ki kudu akeh olah ragane. Istirahat sing cukup. Rasah mendhem, diakehi banyu putihe. Ojo numpak mobil. Po maneh taksi. Taksi online yo ora oleh nganggo. Luwih apik lan becik ki kowe mlaku wae. Kurangi mangan daging-dagingan, seafood-seafoodtan. Diakehi mangan sayur-sayuran. Poso luwih apik Bardugab : Lha aku ki loro opo tho Mbah? Kok akeh banget pantangane? Dulgiyub : Gajimu cilik banget... ra cukup nggo mangan sing enak2! Bardugab : 81435918(*&)98ypjkb;kv9_(*(*&