Skip to main content

#DulgiyubTheSeries Diet Murah

Sakwise Dulgiyub dadi developer, bobote mundak akeh. Dadi lemu ora karuan. Diet opo wae ora mudhun-mudhun. Malah nambah terus.

Dulgiyub : Aku diet opo wae, kok isih lemu yo, Bar
Bardugab : Kowe ki kapusan iklan kok, Dul. Padahal nek pingin kuru ki guampinge pool
Dulgiyub : Piye carane, Bar?
Bardugab : Cukup aqua sak galon lan brambang sakgegem
Dulgiyub : Murah kuwi. Obat-obat dietku kae atusan ewu je. Sesasi iso jutaan. Mudhun wae ora. Carane piye, Bar?
Bardugab : Brambange kuwi mbok genggem nang tangan kiwo. Aqua sak galon mbok gendong nggo tangan tengen. Njuk kowe mlayu-mlayu pitung puteran nang alun-alun kidul. Dilakoni rutin seminggu.
Dulgiyub : Gundulmu menthelis!

*(_*(^(_%^&*(%^%&%*)&%&*%*)&%^&*^

Comments

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Bardugab Prikso Nang Dulgiyub

Bardugab awake greges-greges, banjur moro pengobatan alternatif, Mbah Dulgiyub . Banjur tekan kana, Bardugab diterawang karo Mbah Dulgiyub . Dulgiyub : Kowe ki kudu akeh olah ragane. Istirahat sing cukup. Rasah mendhem, diakehi banyu putihe. Ojo numpak mobil. Po maneh taksi. Taksi online yo ora oleh nganggo. Luwih apik lan becik ki kowe mlaku wae. Kurangi mangan daging-dagingan, seafood-seafoodtan. Diakehi mangan sayur-sayuran. Poso luwih apik Bardugab : Lha aku ki loro opo tho Mbah? Kok akeh banget pantangane? Dulgiyub : Gajimu cilik banget... ra cukup nggo mangan sing enak2! Bardugab : 81435918(*&)98ypjkb;kv9_(*(*&