Skip to main content

#DulgiyubTheSeries Kawin Enom

Iki critane ngopo kok Dulgiyub lan Konyil kawin nom.

Konyil : Piye mas nek awake dewe dadi manten sasi Juni wae?
Dulgiyub : Ojo Juni, soale aku arep melu seminar Tuku Omah Ra Nggo Duit
Konyil : Yo Juli wae tho?!
Dulgiyub : Juli ki aku magang nang developer je
Konyil : Oww... Nek sasi Agustus? Apik ketoke mas
Dulgiyub : Agustus ki kan sasi kemerdekaan Endonesa. Aku dadi panitia je, Dik Konyil
Konyil : Yo wis lah, nek sasi September?
Dulgiyub : Ojo September lah, kuwi mangsa pancaroba. Sok-sok udan, sok-sok panas. Mengko tamune sithik. Piye nek Oktober wae, Dik Konyil?
Konyil : Oktober? Nek Oktober ki kowe pas nang rumah sakit mas. Gegar otak.
Dulgiyub : Wah... kowe ki.... Mosok ngerti suk Oktober aku gegar otak.
Konyil : Arep ta kepruk kursi!!!

(*&*(&*(_^(_%**(_%&*(^(_*^*(_^(_*%^*%$&*)%*_

Comments

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Bardugab Prikso Nang Dulgiyub

Bardugab awake greges-greges, banjur moro pengobatan alternatif, Mbah Dulgiyub . Banjur tekan kana, Bardugab diterawang karo Mbah Dulgiyub . Dulgiyub : Kowe ki kudu akeh olah ragane. Istirahat sing cukup. Rasah mendhem, diakehi banyu putihe. Ojo numpak mobil. Po maneh taksi. Taksi online yo ora oleh nganggo. Luwih apik lan becik ki kowe mlaku wae. Kurangi mangan daging-dagingan, seafood-seafoodtan. Diakehi mangan sayur-sayuran. Poso luwih apik Bardugab : Lha aku ki loro opo tho Mbah? Kok akeh banget pantangane? Dulgiyub : Gajimu cilik banget... ra cukup nggo mangan sing enak2! Bardugab : 81435918(*&)98ypjkb;kv9_(*(*&