Skip to main content

#DulgiyubTheSeries Manuk Beo

Bardugab duwe manuk Beo. Didelehne nang ngarep omahe. Angere Konyil lewat ngarep omahe Bardugab, Beone muni : "Hai mbak. Mbake elek. Mbake elek."

Pisan pindo ngono, Konyil ora nesu. Basan wis ping telu, papat, limo, banjur Konyil nglabrak Bardugab sing duwe Beo.

Konyil : (karo nesu gethem2) Bar, kuwi manukmu nek ngomong ojo waton. Sesuk nek isih muni ngono, ta beleh manukmu
Bardugab : Iyo wis. Sesuk ora muni maneh.

Esuke Konyil lewat ngarep omahe Bardugab.

Beo : Hai mbak...
Konyil : (mandeg njuk mesem) (mbatin) Wah wis pinter beone.
Beo : Ah mbak wis ngerti terusane.

Konyil banjur mbalang sandal!

*(&_*(^*(_^&%*(_^*(_^_*(^_*(

Comments

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Bardugab Prikso Nang Dulgiyub

Bardugab awake greges-greges, banjur moro pengobatan alternatif, Mbah Dulgiyub . Banjur tekan kana, Bardugab diterawang karo Mbah Dulgiyub . Dulgiyub : Kowe ki kudu akeh olah ragane. Istirahat sing cukup. Rasah mendhem, diakehi banyu putihe. Ojo numpak mobil. Po maneh taksi. Taksi online yo ora oleh nganggo. Luwih apik lan becik ki kowe mlaku wae. Kurangi mangan daging-dagingan, seafood-seafoodtan. Diakehi mangan sayur-sayuran. Poso luwih apik Bardugab : Lha aku ki loro opo tho Mbah? Kok akeh banget pantangane? Dulgiyub : Gajimu cilik banget... ra cukup nggo mangan sing enak2! Bardugab : 81435918(*&)98ypjkb;kv9_(*(*&