Skip to main content

#DulgiyubTheSeries Numpak Bis

Dulgiyub menyang Jakarta golek gawean. Ndilalah oleh undangan wawancara nang salah sawijining gedung nang Jalan Jendral Soedirman. Dulgiyub numpak bis seko Tebet.

Kondektur : Supomo... Supomo (ngandani penumpang yen wis tekan Supomo)

Dulgiyub meneng wae.

Kondektur : Gatot Subroto... Gatot Subroto.....

Dulgiyub meneng wae

Kondektur : Soedirman... Soedirman...

Dulgiyub mbatin, wah wong Jakarta ki jenenge koyo pejuang-pejuang kabeh yo.

Kondektur : Sisingamanraja...

Dulgiyub sansoyo yakin.

Kondektur : Blok M... Blok M...
Dulgiyub : Mas, aku kok ora diundang-undang? Jenengku Dulgiyub, iki KTP-ku!

*(&()&*(^%*(%*(%+^+()T%+*(%

Comments

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Bardugab Prikso Nang Dulgiyub

Bardugab awake greges-greges, banjur moro pengobatan alternatif, Mbah Dulgiyub . Banjur tekan kana, Bardugab diterawang karo Mbah Dulgiyub . Dulgiyub : Kowe ki kudu akeh olah ragane. Istirahat sing cukup. Rasah mendhem, diakehi banyu putihe. Ojo numpak mobil. Po maneh taksi. Taksi online yo ora oleh nganggo. Luwih apik lan becik ki kowe mlaku wae. Kurangi mangan daging-dagingan, seafood-seafoodtan. Diakehi mangan sayur-sayuran. Poso luwih apik Bardugab : Lha aku ki loro opo tho Mbah? Kok akeh banget pantangane? Dulgiyub : Gajimu cilik banget... ra cukup nggo mangan sing enak2! Bardugab : 81435918(*&)98ypjkb;kv9_(*(*&