Skip to main content

#DulgiyubTheSeries Buku Harian Konyil lan Dulgiyub

Buku Harian Konyil :
Malem minggu – Mas Dul lagi aneh. Sore mau janjian nang Cafe. Aku bar shopping karo kanca2, dadine aku telat. Mas Dul ketoke nggonduk. Omongane ora nyambung, trus ta ajak nang pojokan sing rada sepi, tapi Mas Dul tetep meneng wae. Aku takon, “aku salah opo?”, tapi Mas Dul jawab, “ora salah”.

Banjur mulih bareng. Nang mobil, mas Dul yo mung meneng wae. Aku ngomong, “I love you!”. Nanging Mas Dul mung mesem sithik. Biasane jawab, “I love you too, Nyil!”. Opo mungkin Mas Dul wis ora sayang karo aku?

Tekan omah, Mas Dul langsung lungguh lan nonton TV.  Ora gelem ngomong. Aku ngenteni rong jam, akhire Mas Dul mlebu kamar. Aku takon, “Ana opo tho, Mas?”. Mas Dul malah mlengos langsung kemulan turu. Aku nangis. Rasane donya arep kiamat!

Buku Harian Dulgiyub :
Jindul ki, MU kalah maneh!

Comments

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Bardugab Prikso Nang Dulgiyub

Bardugab awake greges-greges, banjur moro pengobatan alternatif, Mbah Dulgiyub . Banjur tekan kana, Bardugab diterawang karo Mbah Dulgiyub . Dulgiyub : Kowe ki kudu akeh olah ragane. Istirahat sing cukup. Rasah mendhem, diakehi banyu putihe. Ojo numpak mobil. Po maneh taksi. Taksi online yo ora oleh nganggo. Luwih apik lan becik ki kowe mlaku wae. Kurangi mangan daging-dagingan, seafood-seafoodtan. Diakehi mangan sayur-sayuran. Poso luwih apik Bardugab : Lha aku ki loro opo tho Mbah? Kok akeh banget pantangane? Dulgiyub : Gajimu cilik banget... ra cukup nggo mangan sing enak2! Bardugab : 81435918(*&)98ypjkb;kv9_(*(*&

#DulgiyubTheSeries Pokokmen Nyilih

Dulgiyub dolan nang omahe Bardugab. Arep nyilih gunting rumput nggo reresik taman ngarep omahe Dulgiyub. Dulgiyub : Bar, nyilih gunting rumputmu Bardugab : Wah ra iso Dul, aku arep nganggo sore iki Dulgiyub : Sore ini? Berarti ora futsal tho? Yo wis, aku nyilih sepatu futsalmu wae. *(&*)&%#_(&#@*(^&*@$^_

#DulgiyubTheSeries Breaking News

Bardugab : Ki Dul, woconen Breaking News iki Dulgiyub : Endi? Bardugab : BREAKING NEWS Salah satu perusahaan energi nasional telah berhasil membuat solusi untuk mengatasi kenaikan harga BBM terutama Solar dan Bensin, selain sangat irit juga perlu adanya bahan bakar pengganti ... yaitu ARANG .... pokoke janji : ARANG metu, ARANG dolan, ARANG nglencer,  ARANG neng kantor, ARANG blonjo dan yang terakhir. ARANG kluyuran.....  dijamin pasti ngirit ...SolusiTOP! (*^*(_TO{IPYE*ROIY&*(%)^%&)*^&*_