Skip to main content

#DulgiyubTheSeries Dulgiyub Perayu Ulung



Konyil akhire gelem dadi bojone Dulgiyub. Ora maido. Dulgiyub kuwi jago ngrayu sing gawe Konyil klepek-klepek. Wacanen wae rayuan maute Dulgiyub marang Konyil.

Dulgiyub : Bapakmu juragan kapling yo
Konyil : Weh sok teu
Dulgiyub : Margo kowe wis ngapling atiku

Dulgiyub : Dik Konyil ki cocoke dadi marketing perumahan kok
Konyil : Mosok sih?
Dulgiyub : Iyo, soale aku wis pingin booking kapling atimu.

Dulgiyub : Ayo nang notaris!
Konyil : Lha ngopo nang kana?
Dulgiyub : Aku arep nga-AJB atiku nang atimu’

Dulgiyub :  Yen Dik Konyil kuwi lawang, aku kuwi kuncine
Konyil : Halah, gombil!
Dulgiyub : Ora gombal kok. Iki ben aku iso mbuka lawang atimu, Dik.

Dulgiyub : Aku ki seneng maca buku lho, Dik Konyil. Nanging ana siji buku sing aku durung duwe
Konyil : Buku opo mas?
Dulgiyub : Buku nikah karo kowe.

(**()&*()*()^)*(^*)&^&*)^

Comments

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Bardugab Prikso Nang Dulgiyub

Bardugab awake greges-greges, banjur moro pengobatan alternatif, Mbah Dulgiyub . Banjur tekan kana, Bardugab diterawang karo Mbah Dulgiyub . Dulgiyub : Kowe ki kudu akeh olah ragane. Istirahat sing cukup. Rasah mendhem, diakehi banyu putihe. Ojo numpak mobil. Po maneh taksi. Taksi online yo ora oleh nganggo. Luwih apik lan becik ki kowe mlaku wae. Kurangi mangan daging-dagingan, seafood-seafoodtan. Diakehi mangan sayur-sayuran. Poso luwih apik Bardugab : Lha aku ki loro opo tho Mbah? Kok akeh banget pantangane? Dulgiyub : Gajimu cilik banget... ra cukup nggo mangan sing enak2! Bardugab : 81435918(*&)98ypjkb;kv9_(*(*&

#DulgiyubTheSeries Pokokmen Nyilih

Dulgiyub dolan nang omahe Bardugab. Arep nyilih gunting rumput nggo reresik taman ngarep omahe Dulgiyub. Dulgiyub : Bar, nyilih gunting rumputmu Bardugab : Wah ra iso Dul, aku arep nganggo sore iki Dulgiyub : Sore ini? Berarti ora futsal tho? Yo wis, aku nyilih sepatu futsalmu wae. *(&*)&%#_(&#@*(^&*@$^_

#DulgiyubTheSeries Breaking News

Bardugab : Ki Dul, woconen Breaking News iki Dulgiyub : Endi? Bardugab : BREAKING NEWS Salah satu perusahaan energi nasional telah berhasil membuat solusi untuk mengatasi kenaikan harga BBM terutama Solar dan Bensin, selain sangat irit juga perlu adanya bahan bakar pengganti ... yaitu ARANG .... pokoke janji : ARANG metu, ARANG dolan, ARANG nglencer,  ARANG neng kantor, ARANG blonjo dan yang terakhir. ARANG kluyuran.....  dijamin pasti ngirit ...SolusiTOP! (*^*(_TO{IPYE*ROIY&*(%)^%&)*^&*_