Skip to main content

#DulgiyubTheSeries Kopi Susu

Dulgiyub lan Bardugab kuwi sak kost-kostan. Biasane Bardugab gawe kopi susu saben esuk. Dulgiyub ndilalah pingin nyruput.

Dulgiyub : Aku njaluk sak sruputan yo
Bardugab : Yoh kono, Ning wis ta idoni je.
Dulgiyub : Woh, ra sido nek ngono
Bardugab : Kopi ne tulung tunggokne wae. Ojo nganti ana sing ngombe. Aku ta adus sik.
Dulgiyub : Yoh

Bardugab mlebu kamar mandi banjur adus. Iseng-iseng Dulgiyub yo nglepeh idu nang kopi susu. Nyumbang sithik.


Bardugab : (rampung adus) Dul, kopiku wis adem?
Dulgiyub : UwisBardugab : Nek ngono ta ombene kene
Dulgiyub : Yoh kono, mau yo wis ta sumbang idu sethithik
BArdugab : Woooo asem ki, pek'en wae

)!*#$^(@&*#()%^@*)$^)@*(

Comments

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Bardugab Prikso Nang Dulgiyub

Bardugab awake greges-greges, banjur moro pengobatan alternatif, Mbah Dulgiyub . Banjur tekan kana, Bardugab diterawang karo Mbah Dulgiyub . Dulgiyub : Kowe ki kudu akeh olah ragane. Istirahat sing cukup. Rasah mendhem, diakehi banyu putihe. Ojo numpak mobil. Po maneh taksi. Taksi online yo ora oleh nganggo. Luwih apik lan becik ki kowe mlaku wae. Kurangi mangan daging-dagingan, seafood-seafoodtan. Diakehi mangan sayur-sayuran. Poso luwih apik Bardugab : Lha aku ki loro opo tho Mbah? Kok akeh banget pantangane? Dulgiyub : Gajimu cilik banget... ra cukup nggo mangan sing enak2! Bardugab : 81435918(*&)98ypjkb;kv9_(*(*&

#DulgiyubTheSeries Pokokmen Nyilih

Dulgiyub dolan nang omahe Bardugab. Arep nyilih gunting rumput nggo reresik taman ngarep omahe Dulgiyub. Dulgiyub : Bar, nyilih gunting rumputmu Bardugab : Wah ra iso Dul, aku arep nganggo sore iki Dulgiyub : Sore ini? Berarti ora futsal tho? Yo wis, aku nyilih sepatu futsalmu wae. *(&*)&%#_(&#@*(^&*@$^_

#DulgiyubTheSeries Breaking News

Bardugab : Ki Dul, woconen Breaking News iki Dulgiyub : Endi? Bardugab : BREAKING NEWS Salah satu perusahaan energi nasional telah berhasil membuat solusi untuk mengatasi kenaikan harga BBM terutama Solar dan Bensin, selain sangat irit juga perlu adanya bahan bakar pengganti ... yaitu ARANG .... pokoke janji : ARANG metu, ARANG dolan, ARANG nglencer,  ARANG neng kantor, ARANG blonjo dan yang terakhir. ARANG kluyuran.....  dijamin pasti ngirit ...SolusiTOP! (*^*(_TO{IPYE*ROIY&*(%)^%&)*^&*_