Sakwijining dino Dulgiyub mulih omah lan weruh kucinge ngeret-eret kelincine Bardugab. Kelincine wis mati. Dulgiyub ora kepenak karo Bardugab. Soale wis kekancan suwe.
Kelincine banjur dijupuk, diadusi nganggo sabun ben resik, banjur didelehne nang kandang kelincine Bardugab. Ben dikiro kelincine mati alamiah. Ora amargo dieret-eret karo kucinge Dulgiyub.
Pirang dino sakwise
Bardugab : Kowe ngerti ora nek kelinciku mati
Dulgiyub : (gendhadhapan) ora ik, Bar
Bardugab : Kelinciku mati pirang dino kepungkur. Wis ta kubur. Nanging ana kedadean aneh.
Dulgiyub : (mak jegagig) weh opo kuwi?
Bardugab : Bakda ta kubur, ana sing njupuk kelinciku sing mati kuwi seko kuburane. Banjur diadusi, banjur didelehne maneh nang kandang. Aneh tenan iki, Dul! Sing njupuk lan ngedusi sajake wong edan.
)#@$*^)*@$)^*@^@%)*^
Comments
Post a Comment