Skip to main content

#DulgiyubTheSeries Contek-Contekan

Dulgiyub lan Bardugab kuwi sak kelas pas jaman SMP. Wektu ulangan Sejarah, wong loro kuwi contek-contekan. Banjur diundang guru, ngadep nang Guru BP.

Guru : Kowe do contek-contekan yo?
Dulgiyub : Boten kok bu
Bardugab : Saestu, boten
Guru : Lha iki, pitakonan kaping siji, sopo presiden Indonesia sing nomer siji. Kowe, Dul, jawabpe Soekarno. Bardugab yo hooh.
Dulgiyub : Lha niku kan sedaya tiyang nggih ngertos tho bu
Bardugab : Leres bu.
Guru : Pitakon nomer loro, ibu kota Malaysia. Kowe, Bar, jawabanmu Kuala Lumpur. Kowe yo hooh, Dul.
Bardugab : Kula sampun sinau bu. Dados kula ngertos jawabanipun
Dulgiyub : Kula nggih sinau lho
Guru : Pitakon ketelu, sopo komandan pembebasan Papua. Kowe, Dul, mbok tulis "aku ora ngerti". Lha kowe, Bar, kowe nulis "aku yo ora ngerti". Berarti kowe ki do contek-contekan!

(*&)*(^*(^*(_^&*(_&*(_&_

Comments

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Bardugab Prikso Nang Dulgiyub

Bardugab awake greges-greges, banjur moro pengobatan alternatif, Mbah Dulgiyub . Banjur tekan kana, Bardugab diterawang karo Mbah Dulgiyub . Dulgiyub : Kowe ki kudu akeh olah ragane. Istirahat sing cukup. Rasah mendhem, diakehi banyu putihe. Ojo numpak mobil. Po maneh taksi. Taksi online yo ora oleh nganggo. Luwih apik lan becik ki kowe mlaku wae. Kurangi mangan daging-dagingan, seafood-seafoodtan. Diakehi mangan sayur-sayuran. Poso luwih apik Bardugab : Lha aku ki loro opo tho Mbah? Kok akeh banget pantangane? Dulgiyub : Gajimu cilik banget... ra cukup nggo mangan sing enak2! Bardugab : 81435918(*&)98ypjkb;kv9_(*(*&