Skip to main content

#DulgiyubTheSeries Duwe Kenalan Dewe

Bu Guru lagi ngajar nang ngarep kelas. Takon karo murid-muridte.

Bu Guru : Sopo sing ngerti Thomas Alfa Edison?
Murid : boten mangertos bu
Bu Guru : James Watt, ngerti tho?
Murid : Boten bu Guru
Bu Guru : Lho kok do ora ngerti. Iki do sinau ora tho?

Dulgiyub semaur. Dasare murid rada ndableg.

Dulgiyub : Bu Guru, ngertos Bardugab boten
Bu Guru : ora, le
Dulgiyub : Menawi Konyil, mangertos boten bu?
Bu Guru : Sopo kuwi. Wong loro kuwi sopo lan ngopo?
Dulgiyub : Lha ngoten bu, kula gadha kenalan piyambak, ibu nggih gadhah kenalan. Ibu boten kenal kalih kenalan kula. Ugi kula boten kenal kalih kenalan ibu.

(*)&@(#&(#@#@*()#*

Comments

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Bardugab Prikso Nang Dulgiyub

Bardugab awake greges-greges, banjur moro pengobatan alternatif, Mbah Dulgiyub . Banjur tekan kana, Bardugab diterawang karo Mbah Dulgiyub . Dulgiyub : Kowe ki kudu akeh olah ragane. Istirahat sing cukup. Rasah mendhem, diakehi banyu putihe. Ojo numpak mobil. Po maneh taksi. Taksi online yo ora oleh nganggo. Luwih apik lan becik ki kowe mlaku wae. Kurangi mangan daging-dagingan, seafood-seafoodtan. Diakehi mangan sayur-sayuran. Poso luwih apik Bardugab : Lha aku ki loro opo tho Mbah? Kok akeh banget pantangane? Dulgiyub : Gajimu cilik banget... ra cukup nggo mangan sing enak2! Bardugab : 81435918(*&)98ypjkb;kv9_(*(*&