Skip to main content

#DulgiyubTheSeries Nesu Nang Perpustakaan



Dulgiyub mlebu perpustakaan daerah sinambi rada nesu. Dulgiyub arep protes karo perpustakaan.

Dulgiyub :  Mas, kene mas. Aku arep protes!
Petugas Perpustakaan : Piye mas?
Dulgiyub : Mas, iki mosok ana buku kok ora ana critane. Isine mung jenenge uwong kabeh lan nomer. Emange aku arep tuku togel?!
Petugas Perpustakaan : Endi bukune?
Dulgiyub :  Iki, nyoh!
Petugas Perpustakaan : Mas, kuwi dudu buku crito. Kuwi buku telpon!

((*((*^)&*%$)&*^&*)%*)&%)


Comments

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Bardugab Prikso Nang Dulgiyub

Bardugab awake greges-greges, banjur moro pengobatan alternatif, Mbah Dulgiyub . Banjur tekan kana, Bardugab diterawang karo Mbah Dulgiyub . Dulgiyub : Kowe ki kudu akeh olah ragane. Istirahat sing cukup. Rasah mendhem, diakehi banyu putihe. Ojo numpak mobil. Po maneh taksi. Taksi online yo ora oleh nganggo. Luwih apik lan becik ki kowe mlaku wae. Kurangi mangan daging-dagingan, seafood-seafoodtan. Diakehi mangan sayur-sayuran. Poso luwih apik Bardugab : Lha aku ki loro opo tho Mbah? Kok akeh banget pantangane? Dulgiyub : Gajimu cilik banget... ra cukup nggo mangan sing enak2! Bardugab : 81435918(*&)98ypjkb;kv9_(*(*&

#‎DulgiyubTheSeries‬ Tahun baruan

Bardugab : Tahun baruan nang endi, Dul? Dulgiyub : Nang omah wae. Bardugab : Lha tahun baru kok malah ndekem. Dulgiyub : Tahun baru ki apane sing baru? Omah yo lawas, motor yo muk kuwi, gaji ra mundhak, bojo yo tetep Konyil. Haaa njuk ngopo dirayane. Apane sing anyar? *#:==-&:@892:=-82:]((+*$*@