Skip to main content

#DulgiyubTheSeries Rahasia PLN

Dulgiyub seneng banget ngerti Konyil wis meteng sesasi. Nanging sakdurunge dipastekne karo dokter, Dulgiyub lan Konyil ora arep ngomong2ke babagan metenge Konyil. Dadi rahasia sik. Amarga nek rasido, kan ora elok. Lha ujug2 ana Petugas PLN teko nagih. Sing nemoni Konyil.

Petugas PLN : Bu, njenengan telat sesasi
Konyil : Lho kok ngerti? Pakne, iki kok durung2 wis do ngerti nek aku telat sesasi.
Dulgiyub : Eh mas, sampeyan seko endi ngertine?
Petugas PLN : Kan ta catet pak!
Dulgiyub : Lha terus piye ben tetep dadi rahasia?
Petugas PLN : Yo dibayar!
Dulgiyub : Woh, meres ki! Nek aku ra gelem mbayar?!
Petugas PLN : Lha terpaksa diputus!
Dulgiyub : Kenthir ik! Lha nek diputus, bojoku njuk kepiye?
Petugas PLN : Yo nganggo lilin tho pak!

!@*#$)@*)#$%()!@$%^*@)^*@)$*^%)

Comments

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Bardugab Prikso Nang Dulgiyub

Bardugab awake greges-greges, banjur moro pengobatan alternatif, Mbah Dulgiyub . Banjur tekan kana, Bardugab diterawang karo Mbah Dulgiyub . Dulgiyub : Kowe ki kudu akeh olah ragane. Istirahat sing cukup. Rasah mendhem, diakehi banyu putihe. Ojo numpak mobil. Po maneh taksi. Taksi online yo ora oleh nganggo. Luwih apik lan becik ki kowe mlaku wae. Kurangi mangan daging-dagingan, seafood-seafoodtan. Diakehi mangan sayur-sayuran. Poso luwih apik Bardugab : Lha aku ki loro opo tho Mbah? Kok akeh banget pantangane? Dulgiyub : Gajimu cilik banget... ra cukup nggo mangan sing enak2! Bardugab : 81435918(*&)98ypjkb;kv9_(*(*&