Skip to main content

#DulgiyubTheSeries Jagal Kota

Pulisi-pulisi Ngayogyakarta lagi sweeping preman-preman. Ndilalahe Dulgiyub yo dicekel karo pulisine. Amarga duwe tato. Lengen sisih tengen tulisane JAGAL. Lengen sisih kiwo KOTA.

Pulisi : Mrene kowe, kowe preman paling medeni. Ngaku-ngaku JAGAL KOTA.
Dulgiyub : Boten pak, kula namun tiyang biasa kok.
Pulisi : Ora percoyo. Kuwi tatomu. Wis mateni pirang uwong kowe?
Dulgiyub : Dereng nate pak, saestu, kula tiyang sae
Pulisi : Buka klambine!

Dulgiyub banjur buka klambine. Banjur kethok tatone kabeh. JAGALAH KEBERSIHAN KOTA.

*(*(&*(_&%&*)%*(_^*&%*_^

Comments

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Bardugab Prikso Nang Dulgiyub

Bardugab awake greges-greges, banjur moro pengobatan alternatif, Mbah Dulgiyub . Banjur tekan kana, Bardugab diterawang karo Mbah Dulgiyub . Dulgiyub : Kowe ki kudu akeh olah ragane. Istirahat sing cukup. Rasah mendhem, diakehi banyu putihe. Ojo numpak mobil. Po maneh taksi. Taksi online yo ora oleh nganggo. Luwih apik lan becik ki kowe mlaku wae. Kurangi mangan daging-dagingan, seafood-seafoodtan. Diakehi mangan sayur-sayuran. Poso luwih apik Bardugab : Lha aku ki loro opo tho Mbah? Kok akeh banget pantangane? Dulgiyub : Gajimu cilik banget... ra cukup nggo mangan sing enak2! Bardugab : 81435918(*&)98ypjkb;kv9_(*(*&