Skip to main content

#DulgiyubTheSeries Sudo Rungon

Dulgiyub dolan nang kancane sing dokter THT. Nakonke kok bojone, si Konyil, wis sudo rungon (ra patio krungu).

Dokter THT : Wis parah po bojomu?
Dulgiyub : Lha kuwi, aku dewe yo ora ngerti. Aku kudu mbengok nek ngomong karo bojoku.
Dokter THT : Jajal, kowe ngadek 6 meter seko bojomu, njuk ngomong. Nek isih ora krungu, nyedako. Sampe pirang meter iso krungu.

Banjur Dulgiyub mulih lan ketemu Konyil, bojone.

Dulgiyub : Nduk, mangan opo mengko bengi?

--- Ra ana jawaban ----

Dulgiyub maju maneh, jarak 3 meter seko bojone.

Dulgiyub : Nduk, mangan opo mengko bengi?

--- Ra ana jawaban ----

Akhire Dulgiyub nang sebelahe bojone

Dulgiyub : Nduk, mangan opo mengko bengi?
Konyil : Pisan maneh takon, ta jawab SATEEEEEE!

Jan-jane sing sudo rungon kuwi jebule Dulgiyub!

(*&)&*%)&*)$&*)^&*^&*()

Comments

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Bardugab Prikso Nang Dulgiyub

Bardugab awake greges-greges, banjur moro pengobatan alternatif, Mbah Dulgiyub . Banjur tekan kana, Bardugab diterawang karo Mbah Dulgiyub . Dulgiyub : Kowe ki kudu akeh olah ragane. Istirahat sing cukup. Rasah mendhem, diakehi banyu putihe. Ojo numpak mobil. Po maneh taksi. Taksi online yo ora oleh nganggo. Luwih apik lan becik ki kowe mlaku wae. Kurangi mangan daging-dagingan, seafood-seafoodtan. Diakehi mangan sayur-sayuran. Poso luwih apik Bardugab : Lha aku ki loro opo tho Mbah? Kok akeh banget pantangane? Dulgiyub : Gajimu cilik banget... ra cukup nggo mangan sing enak2! Bardugab : 81435918(*&)98ypjkb;kv9_(*(*&