Skip to main content

#DulgiyubTheSeries Wong Mendhem Numpak Bis

Sakwijining dino Dulgiyub arep wawancara kerjo nang Semarang. Dulgiyub numpak bis antar kota antar propinsi Jogja – Semarang. Basan bise tekan Jalan Magelang, ana wong mendhem munggah bis sing ditumpaki Dulgiyub. Ndilalah lungguh nang sebelahe Dulgiyub.

Ngerti dewe tho, nek wong mendhem ki ambune alkohol. Dulgiyub pingin nyadarke lan nasehati wong mendhem iki.

Dulgiyub : Mas, sampeyan mendhem yo?
Wong mendhem : Kok sampeyan ngerti? Ababku koyo nogo yo?
Dulgiyub : Sampeyan ki pingin menyang neraka po?!

Wong mendhem kuwi mau kaget. Mak njenggirat.

Wong mendhem : Ora mas. Aku arep menyang Semarang. Iki bise kleru po?

*(&#@*(&()*#&@*(&*(_!#&(_#&_*(&#@(_

Comments

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Bardugab Prikso Nang Dulgiyub

Bardugab awake greges-greges, banjur moro pengobatan alternatif, Mbah Dulgiyub . Banjur tekan kana, Bardugab diterawang karo Mbah Dulgiyub . Dulgiyub : Kowe ki kudu akeh olah ragane. Istirahat sing cukup. Rasah mendhem, diakehi banyu putihe. Ojo numpak mobil. Po maneh taksi. Taksi online yo ora oleh nganggo. Luwih apik lan becik ki kowe mlaku wae. Kurangi mangan daging-dagingan, seafood-seafoodtan. Diakehi mangan sayur-sayuran. Poso luwih apik Bardugab : Lha aku ki loro opo tho Mbah? Kok akeh banget pantangane? Dulgiyub : Gajimu cilik banget... ra cukup nggo mangan sing enak2! Bardugab : 81435918(*&)98ypjkb;kv9_(*(*&