Skip to main content

#DulgiyubTheSeries Melu Jum'atan

Amarga luwih mentingke ngrampungke gawean, Dulgiyub lan Bardugab wis meh telat jumatan. Kiro-kiro jam 12.20 Dulgiyub lan Bardugab lagi metu seko kantor.

Basan tekan mesjid sing paling cerak, ternyata jamaahe wis do metu seko mesjid. Jumatan wis rampung. Banjur Dulgiyub lan Bardugab golek mesjid maneh.

Tekan mesjid ke loro, jebule jamaahe wis rakaat ke loro. "Wah golek mesjid sing durung mulai wae, Bar", jare Dulgiyub.

Banjur Dulgiyub lan Bardugab tekan mesjid ketelu. Jamaahe isih podo lungguh lan donga bareng.

Dulgiyub : Iki wae, lagi arep sholat. Isih donga bareng.
Bardugab : Hooh. Aman Dul! Isih iso melu jumatan.

Dulgiyub lan Bardugab banjur ndresel-ndresel jamaah, golek lungguh nang tengah jamaah. "Aamiin.... aamiin... aamiin", Dulgiyub lan Bardugab melu-melu jamaah liyane

Imam : Aamiin... aamiin ya rabbal alamiin

Banjur jamaah pada ngadeg lan bubar. Jebule iki mau donga bakda sholat!

Comments

  1. Bar kuwi cah loro mau golek mejid maneh ning rodo adoh, akhire nemu mejid sing lagi komat. Alhamdulillah isih komanan jumatan batine Dulgiyub. Tapi ternyata bar tahiyat ora terus salam, malah takbir sambil ngadeg.
    Wooo jebul kuwi mau salat asar

    ReplyDelete

Post a Comment

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Bardugab Prikso Nang Dulgiyub

Bardugab awake greges-greges, banjur moro pengobatan alternatif, Mbah Dulgiyub . Banjur tekan kana, Bardugab diterawang karo Mbah Dulgiyub . Dulgiyub : Kowe ki kudu akeh olah ragane. Istirahat sing cukup. Rasah mendhem, diakehi banyu putihe. Ojo numpak mobil. Po maneh taksi. Taksi online yo ora oleh nganggo. Luwih apik lan becik ki kowe mlaku wae. Kurangi mangan daging-dagingan, seafood-seafoodtan. Diakehi mangan sayur-sayuran. Poso luwih apik Bardugab : Lha aku ki loro opo tho Mbah? Kok akeh banget pantangane? Dulgiyub : Gajimu cilik banget... ra cukup nggo mangan sing enak2! Bardugab : 81435918(*&)98ypjkb;kv9_(*(*&