Skip to main content

#DulgiyubTheSeries Dulgiyub Lan Wong Ngemis

Mulih nyambut gawe, Dulgiyub mampir nang kampuse biyen. Nang Universitas Gadjah Mada. Pingin nongkrong nang Bon-bin, kantine Sastra. Amarga weruh wong ngemis nang ngarep Bon-Bin, Dulgiyub marani lan wenehi duit.

Dulgiyub : Wis suwe ngemis nang kene pak?
Pengemis : Sampun mas, sampun 5 tahun.
Dulgiyub : Pantes aku kok ora tau weruh, aku lulus wis 6 tahun kepungkur. Biasane oleh piro pak ngemis nang kene? Kan mahasiswa kabeh iki.
Pengemis : Lumayan mas, paling sithik rong puluh ewu. Saged nggo nedha bareng keluarga
Dulgiyub : Woo wis duwe keluarga. Lha keluargane nang endi pak?
Pengemis : Wonten ing Sanata Dharma, ing Amikom, ing IKIP nggih wonten.
Dulgiyub : Wah ampuh pak sampeyan. Anak-anakmu do kuliah kabeh.
Pengemis : Sanes mas, anak-anak kula nggih ngemis koyo kula niki
Dulgiyub : oooooooo

)@*#$^)@*(#$)^*@#$)^*(




Comments

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Bardugab Prikso Nang Dulgiyub

Bardugab awake greges-greges, banjur moro pengobatan alternatif, Mbah Dulgiyub . Banjur tekan kana, Bardugab diterawang karo Mbah Dulgiyub . Dulgiyub : Kowe ki kudu akeh olah ragane. Istirahat sing cukup. Rasah mendhem, diakehi banyu putihe. Ojo numpak mobil. Po maneh taksi. Taksi online yo ora oleh nganggo. Luwih apik lan becik ki kowe mlaku wae. Kurangi mangan daging-dagingan, seafood-seafoodtan. Diakehi mangan sayur-sayuran. Poso luwih apik Bardugab : Lha aku ki loro opo tho Mbah? Kok akeh banget pantangane? Dulgiyub : Gajimu cilik banget... ra cukup nggo mangan sing enak2! Bardugab : 81435918(*&)98ypjkb;kv9_(*(*&

#DulgiyubTheSeries Pokokmen Nyilih

Dulgiyub dolan nang omahe Bardugab. Arep nyilih gunting rumput nggo reresik taman ngarep omahe Dulgiyub. Dulgiyub : Bar, nyilih gunting rumputmu Bardugab : Wah ra iso Dul, aku arep nganggo sore iki Dulgiyub : Sore ini? Berarti ora futsal tho? Yo wis, aku nyilih sepatu futsalmu wae. *(&*)&%#_(&#@*(^&*@$^_

#DulgiyubTheSeries Breaking News

Bardugab : Ki Dul, woconen Breaking News iki Dulgiyub : Endi? Bardugab : BREAKING NEWS Salah satu perusahaan energi nasional telah berhasil membuat solusi untuk mengatasi kenaikan harga BBM terutama Solar dan Bensin, selain sangat irit juga perlu adanya bahan bakar pengganti ... yaitu ARANG .... pokoke janji : ARANG metu, ARANG dolan, ARANG nglencer,  ARANG neng kantor, ARANG blonjo dan yang terakhir. ARANG kluyuran.....  dijamin pasti ngirit ...SolusiTOP! (*^*(_TO{IPYE*ROIY&*(%)^%&)*^&*_