Skip to main content

#DulgiyubTheSeries Dulgiyub Ngapel

Iki malem minggu, Dulgiyub ngapel nang omahe pacare. Omahe ora adoh seko kost2an Dulgiyub. Pas lagi asyik ngobrol, udan deres pathes. Dulgiyub mbingungi amarga wedi udane ora mandeg tekan esuk. Weruhi Dulgiyub sing bingung amarga udan, ibune si pacar ngomong, “Wis nak Dul, nginep mriki mawon. Mengko nek mulih ndak malah teles kebes masuk angin.”

“Boten sah bu, mangke malah ngrepoti ibu.”, Dulgiyub gayane nolak padahal yo pingin.
“Rapopo, nak Dul. Kan ana kamar tamu. Nak Dul turu teng kamar tamu mawon.”, jawab ibuke

Dulgiyub manthuk2 tandane gelem nginep nang kamar tamu.

“Yo wis mas, ta gawekne jahe anget sik. Sediluk yo.”, pacare Dulgiyub ngomong banjur mlebu nang dapur. Selang 5 menit, si pacar kaget weruh Dulgiyub teles kebes nang ngarep lawang.

“Kok teles kebes, ngopo je mas?”, si pacar takon
“Sorry Dik, aku bar mulih nang kost2an. Njupuk sarung. Aku ora iso turu nek ora nganggo sarungku iki!”

Oaaalaaah koplaaaks

)(&*(#*(^&#)!@*(^*()^#*()^

Comments

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Dadi Motivator

Dulgiyub saiki dadi Motivator. Isih numpak motor mergane isih motivator anyaran. Ndilalahe motore mbrebet2, banjur di bengkelne nang bengkele Bardugab. Dulgiyub : Bar, iki motorku tulung didandani. Bardugab : Yo... iki keluhane opo? Dulgiyub : Lho aku iki motivator, pantang mengeluh!!! ##639&s9-d@v*f

#DulgiyubTheSeries Baliknama

Dulgiyub dodolan omah. Omahe payu, banjur teko nang Notaris, kanggo balik nama nang konsumene. Ndilalahe uwis ibu2. Notaris : Bu, sampeyan kan tuku omah nang pak Dulgiyub. Uwis lunas? Konsumen : Sampun bu Notaris. Notaris : Bener tha, Pak Dulgiyub? Dulgiyub : Leres Bu..Sampun lunas. Notaris : Gandeng sampun lunas, ibu kedah balik nama rumiyin. Konsumen : boten ah. Boten purun. Notaris : Lho, niki prosedur saking BPN. Konsumen : Lha jenengku MAYA TILIS. Mosok arep dibaliknama. Wis ra sido tuku wae.