Skip to main content

#DulgiyubTheSeries Panceno Dudu Dulgiyub

Eling tho critane Dulgiyub lagi gojegan terus diseneni Gurune amarga ora ngerti sopo sing tanda tangan proklamasi? Sesuke Bu Guru ngundang bapake Dulgiyub nang sekolahan.

Bu Guru : Pak, anake sampeyan niku boten ngertos sinten ingkang nanda tangani teks proklamasi. Napa teng omah boten nate sinau?
Bapake Dulgiyub : Inggih napa. Sekedap, kula tangleti rumiyin si Dulgiyub.

Banjur bapake takon karo Dulgiyub.

Bapake Dulgiyub : Le, sopo sing nanda tangani teks proklamasi?
Dulgiyub : Saestu pak. Sanes kula. Saestu, mbok sumprit!

Banjur Bapake Dulgiyub ngomong karo Gurune

Bapake Dulgiyub : Bu Guru niku pripun, lha wong sanes Dulgiyub ingkang nanda tangani teks prokalamasi. Boten angsal fitnah lho bu.

*()&*(#@&*(@&$)&

Comments

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Bardugab Prikso Nang Dulgiyub

Bardugab awake greges-greges, banjur moro pengobatan alternatif, Mbah Dulgiyub . Banjur tekan kana, Bardugab diterawang karo Mbah Dulgiyub . Dulgiyub : Kowe ki kudu akeh olah ragane. Istirahat sing cukup. Rasah mendhem, diakehi banyu putihe. Ojo numpak mobil. Po maneh taksi. Taksi online yo ora oleh nganggo. Luwih apik lan becik ki kowe mlaku wae. Kurangi mangan daging-dagingan, seafood-seafoodtan. Diakehi mangan sayur-sayuran. Poso luwih apik Bardugab : Lha aku ki loro opo tho Mbah? Kok akeh banget pantangane? Dulgiyub : Gajimu cilik banget... ra cukup nggo mangan sing enak2! Bardugab : 81435918(*&)98ypjkb;kv9_(*(*&

#DulgiyubTheSeries Pokokmen Nyilih

Dulgiyub dolan nang omahe Bardugab. Arep nyilih gunting rumput nggo reresik taman ngarep omahe Dulgiyub. Dulgiyub : Bar, nyilih gunting rumputmu Bardugab : Wah ra iso Dul, aku arep nganggo sore iki Dulgiyub : Sore ini? Berarti ora futsal tho? Yo wis, aku nyilih sepatu futsalmu wae. *(&*)&%#_(&#@*(^&*@$^_

#DulgiyubTheSeries Breaking News

Bardugab : Ki Dul, woconen Breaking News iki Dulgiyub : Endi? Bardugab : BREAKING NEWS Salah satu perusahaan energi nasional telah berhasil membuat solusi untuk mengatasi kenaikan harga BBM terutama Solar dan Bensin, selain sangat irit juga perlu adanya bahan bakar pengganti ... yaitu ARANG .... pokoke janji : ARANG metu, ARANG dolan, ARANG nglencer,  ARANG neng kantor, ARANG blonjo dan yang terakhir. ARANG kluyuran.....  dijamin pasti ngirit ...SolusiTOP! (*^*(_TO{IPYE*ROIY&*(%)^%&)*^&*_