Skip to main content

#DulgiyubTheSeries Kopi Kucing

Dulgiyub mertamu nang umoh Bardugab di suguhi kopi, jarene kopine enak tenan. Dulgiyub akhire nyeruput kopi soale penasaran karo rasane.

Dulgiyub : Iki kopi opo toh koh rasane rodo kecut???
Bardugab  : Iku kopi istimewa ,meh podo kopi luwak sing larang iku
Dulgiyub  : Woo ngono toh,kopi opo jenenge???
Bardugab  : Kopi kucing aku gawe dewe
Dulgiyub  : Opo iyo kok jenenge kopi kucing????
Bardugab  : Soale di olah lewat kucing, kopi luwak kopine di pangan luwak disik sadurenge di olah, kopi kucing iki dipangan kucing disik sadurunge di olah dadi kopi bubuk. Aku terinspirasi karo kopi luwak,cuma ben gampang aku gawe go kucing bae.
Dulgiyub  : Kucing doyan kopi yo Bar???
Bardugab  : Sakjane ya ora, kopine tak gerus rada kasar, trs tak campur iwak asin, trus ngono tak pakakna kucing.

Dulgiyub  wetenge wes rada mules : terus piye prosese Bar??

Bardugab  : Kopine khan metu bareng karo taek kucing, gerusan kopine di saring terus di kumbah di pepe sampe garaing, terus di giling mene sampe halus. Lah iki kebetulan awak mu sing pertama nyubak kopi kucing, wong yo durung ana sing tak suguhi kopi iki. Aku dewe ya arep nyoba kok yo gak kolu koyo opo rasane Dul???????????

Dulgiyub  : afuuuuuu…..koe Bar afuuuuuu tenan kowe ya iki dudu kopi kucing Bar, tapi jenenge kopi taek kucing Bar ***:D

Comments

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Bardugab Prikso Nang Dulgiyub

Bardugab awake greges-greges, banjur moro pengobatan alternatif, Mbah Dulgiyub . Banjur tekan kana, Bardugab diterawang karo Mbah Dulgiyub . Dulgiyub : Kowe ki kudu akeh olah ragane. Istirahat sing cukup. Rasah mendhem, diakehi banyu putihe. Ojo numpak mobil. Po maneh taksi. Taksi online yo ora oleh nganggo. Luwih apik lan becik ki kowe mlaku wae. Kurangi mangan daging-dagingan, seafood-seafoodtan. Diakehi mangan sayur-sayuran. Poso luwih apik Bardugab : Lha aku ki loro opo tho Mbah? Kok akeh banget pantangane? Dulgiyub : Gajimu cilik banget... ra cukup nggo mangan sing enak2! Bardugab : 81435918(*&)98ypjkb;kv9_(*(*&

#DulgiyubTheSeries Pokokmen Nyilih

Dulgiyub dolan nang omahe Bardugab. Arep nyilih gunting rumput nggo reresik taman ngarep omahe Dulgiyub. Dulgiyub : Bar, nyilih gunting rumputmu Bardugab : Wah ra iso Dul, aku arep nganggo sore iki Dulgiyub : Sore ini? Berarti ora futsal tho? Yo wis, aku nyilih sepatu futsalmu wae. *(&*)&%#_(&#@*(^&*@$^_

#DulgiyubTheSeries Breaking News

Bardugab : Ki Dul, woconen Breaking News iki Dulgiyub : Endi? Bardugab : BREAKING NEWS Salah satu perusahaan energi nasional telah berhasil membuat solusi untuk mengatasi kenaikan harga BBM terutama Solar dan Bensin, selain sangat irit juga perlu adanya bahan bakar pengganti ... yaitu ARANG .... pokoke janji : ARANG metu, ARANG dolan, ARANG nglencer,  ARANG neng kantor, ARANG blonjo dan yang terakhir. ARANG kluyuran.....  dijamin pasti ngirit ...SolusiTOP! (*^*(_TO{IPYE*ROIY&*(%)^%&)*^&*_