Skip to main content

#DulgiyubTheSeries Dulgiyub nang Kantor Pulisi

Dulgiyub panceno glidiq tenan. Bocahe konangan nyolong tape mobil banjur dilebokne nang Kantor Pulisi.

“Ngopo kowe maling tape mobil?” pak Pulisi takon karo Dulgiyub sing konangan lagi maling.
“Kula kepekso pak,” jawab Dulgiyub
“Kepekso kepiye?” pak Pulisine takon maneh
“Kawit esuk kula niku ajeng teng kantor Pulisi. Nanging boten ketemu. Banjur kula tanglet kaliyan rencang kula. Eeee rencang kula nggih boten mangertos. Nggih pun, supados kula saged wonten kantor Pulisi, kula kepekso maling tape mobil. Buktinipun kula sakniki wonten ing kantor Pulisi.” Jawabpe Dulgiyub karo mimbig2
“Lha terus kowe ngopo arep nang kantor Pulisi?”
“Niku, Pak. Kula ajeng ndamel Surat Keterangan Kelakuan Baik.”

)@#*%)*!$)#^*!@)$*#^!@)!*(%)!*)!*#@$%)

Comments

Popular posts from this blog

#DulgiyubTheSeries Bardugab Prikso Nang Dulgiyub

Bardugab awake greges-greges, banjur moro pengobatan alternatif, Mbah Dulgiyub . Banjur tekan kana, Bardugab diterawang karo Mbah Dulgiyub . Dulgiyub : Kowe ki kudu akeh olah ragane. Istirahat sing cukup. Rasah mendhem, diakehi banyu putihe. Ojo numpak mobil. Po maneh taksi. Taksi online yo ora oleh nganggo. Luwih apik lan becik ki kowe mlaku wae. Kurangi mangan daging-dagingan, seafood-seafoodtan. Diakehi mangan sayur-sayuran. Poso luwih apik Bardugab : Lha aku ki loro opo tho Mbah? Kok akeh banget pantangane? Dulgiyub : Gajimu cilik banget... ra cukup nggo mangan sing enak2! Bardugab : 81435918(*&)98ypjkb;kv9_(*(*&

#DulgiyubTheSeries Pokokmen Nyilih

Dulgiyub dolan nang omahe Bardugab. Arep nyilih gunting rumput nggo reresik taman ngarep omahe Dulgiyub. Dulgiyub : Bar, nyilih gunting rumputmu Bardugab : Wah ra iso Dul, aku arep nganggo sore iki Dulgiyub : Sore ini? Berarti ora futsal tho? Yo wis, aku nyilih sepatu futsalmu wae. *(&*)&%#_(&#@*(^&*@$^_

#DulgiyubTheSeries Breaking News

Bardugab : Ki Dul, woconen Breaking News iki Dulgiyub : Endi? Bardugab : BREAKING NEWS Salah satu perusahaan energi nasional telah berhasil membuat solusi untuk mengatasi kenaikan harga BBM terutama Solar dan Bensin, selain sangat irit juga perlu adanya bahan bakar pengganti ... yaitu ARANG .... pokoke janji : ARANG metu, ARANG dolan, ARANG nglencer,  ARANG neng kantor, ARANG blonjo dan yang terakhir. ARANG kluyuran.....  dijamin pasti ngirit ...SolusiTOP! (*^*(_TO{IPYE*ROIY&*(%)^%&)*^&*_